Sabtu, 06 Agustus 2022

GURITAN GAGRAG ANYAR AMING AMINOEDHIN

 

 

 

GURIT-GURITANE AMING AMINOEDHIN

 



Aming Aminoedhin

Iku mono jeneng sesinglone  Mohammad Amir Tohar. Lair ing kutha Ngawi, 22 Desember 1957. Weton saka Fakultas Sastra, Universitas Sebelas Maret Surakarta, jurusan basa lan sastra Indonesia (1987). Nate aktif kegiatan teater, lan nate nyandhang predikat “aktor terbaik” Festival Drama se-Jatim tahun 1983 saka Teater Persada Ngawi, pimpinane Mh. Iskan. Nate njabat biro sastra – dewan kesenian surabaya. koordinator FASS (Forum Apresiasi Sastra Surabaya) ing PPIA (Perhimpunan Persabahabatan Indonesia-Amerika) Surabaya, lan dadi penggagase adicara Malam Sastra Surabaya utawa “Malsasa” lan Malam Sastra bagi Guru utawa ‘Malsabaru’ ing kutha Surabaya.

Nate melu temu penyair jateng ing Semarang (1983), temu penyair indonesia ing Taman Ismail Marzuki  (TIM) Jakarta (1987). Dadi juri maca puisi lan guritan, ceramah sastra ana pirang-pirang kutha ing Jawa Timur. Melu diundang Pertemuan Sastrawan nusantara (PSN) XII ing Singapura (2003), lan dadi panitia PSN XIII ing kutha Surabaya (2004).

Kumpulan puisi/guritan karo kanca-kancane kaimpun ana kumpulan asesirah: Husst, Nyenyet, Wajah Bertiga, Reportase Sunyi, Pagelaran, Malsasa ‘92, ‘94, ‘96, 2000, 2005, 2007 , 2009; Surabaya Kotaku, Memo Putih, Tanah Kapur, Tanah Rengkah, Gresla Mamoso, Kabar Saka Bendul Mrisi, Drona Gugat, Othak-Athik Gathuk, Mlesat Bareng Ukara, Dendang Kecil Jalan Sunyi, GIR, Lukisan Puisi, Selendang Untuk Bunda, lan akeh maneh. Kumpulan puisine dhewe asesirah: Berjamaah di Plaza, Mataku Mata Ikan, Surabaya Musim Kemarau, Sajak Kunang-Kunang dan Kupu-Kupu (kumpulan sajak anak-anak), Tanpa Mripat (kumpulan guritan), Kereta Puisi, lan akeh maneh. Aming, uga nate dijuluki ‘Presiden Penyair Jawa Timur’ karo panjenengane almarhum Profesor Dhoktor ‘Kentrung’ Suripan Sadi Hutomo.

Karo kanca PPSJS (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya) tau gawe “kentrung lan ludruk guritan/puisi” tampil ana Tembi Rumah Budaya Yogya, Kafe Pustaka – UM – Malang, Taman Budaya Jawa Timur Surabaya, lan TB Jawa Tengah ing Solo.

Nate dadi juri lomba nulis lan maca guritan ana Dinas Pariwisata Surabaya, jurusan Basa Jawa Universitas Surabaya (Unesa),  lan ‘Yayasan Pendidikan Karmel’ Malang.

Saiki ketua FSBS (Forum Sastra Bersama Surabaya), tetep aktif nulis mesthi mung pansiunan saka Balai Bahasa Jawa Timur, kang dumunung ana kutha Sidoarjo. Daleme ana : Puri Mojobaru AZ-22/23  Desa Canggu, Kecamatan Jetis – Kabupaten Mojoketo 61352.

 

 

Aming Aminoedhin

WENGI KATON SEPI

 

wengi katon sepi nglangut, adheme hawa

krasa njekut. awan mau udan deres, lali ana

pemehan ing njaba omah dadi kebles.

teles maneh.

 

mung ana swara kodhok, kaya alok-alok.

uga jangkrik ngerik gawe rasa serik.

wayah sepi malah nembang keprungu

kupingku sumbang. sepine ati

kaya rasa kebimbang.

 

kebimbang amarga kena apa viruse wabah

ora ilang-ilang. setaun mlaku, isih wae

durung lunga saka bumiku. kena apa?

wengi tambah katon sepi, bisaku

mung memuji marang Ilahi.

memuji kanthi tulusing ati.

 

Desaku Canggu, 9/2/2021

 

Aming Aminoedhin
SUPAYA ENGGAL LUNGA
 
ora perlu takon bab virus wabah, isih
saambrah-ambrah nganti taun kapindho iki.
udan lan panas suwe, ora gawe kendhone
bab kuwi. tetep ana, durung uga lunga.
embuh kena apa?
 
pitakonan sing ora perlu jawab, jaman
pancen beda. sembarang kalir kudu melu
aturan kang ana. dene ora gelem
melu aturan, ngerti dhewe undhuhane.
 
pacobane urip iki, ora kanggo awake dhewe.
nanging uga kabeh manungsa sakndonya.
sing baku mung ana siji, gelem terus
memuji marang Gusti kanthi ati. virus
wabah pandemine supaya enggal lunga.
 
Desaku Canggu, 10/2/2021
 
 
Aming Aminoedhin
TANGGAL TELULAS
 
wis tanggal telulas maneh, wulan lan taune
wis ganti maneh. virus wabahe isih akeh.
ora amarga tanggal telulas, guritan iki ditulis.
nanging mung arep kandha virus wabahe isih ana.
ora perlu kudu nangis. tetepa ndonga, ora perlu
ngersula.
 
delengen srengenge esuk iki isih uga mendhung.
ora perlu bingung, dina liya srengenge bakal
padhang. madhangi donya, madhangi ati.
kudu percaya marang dhawuhing Gusti, laku
bener arep pener. laku salah bakale seleh.
 
tanggal telulas iki awak kudu tetep
waras, gelem mergawe akas. bergas
trengginas, kanthi donga eklas.
donya bakale cepet padhang, uripe terang.
 
Desaku Canggu, 13/2/2021
 
 
 
Aming Aminoedhin
PANASE SRENGENGE
 
jarene unen-unen, panase srengenge
disangga wong akeh. panase ati, mung
ana awake dhewe. wong liya ora bisa
ngrasakake. mula kudu bisa nata ati
ngleremke dhiri.
 
panase srengenge dina iki pancen
sumelet. kamangka wingi udan wiwit
awan nganti wengi, ora perlu kaget.
wektune udan saiki wiwit awan nganti
wengi. esuk srengenge metu sedhela, gawe
padhange donya. awan sithik udane
wis teka. ora perlu ngersula. para
kadang tani padha suka.
 
panase srengenge dina iki, kaya kandha
nembe manasi viruse wabah. supaya
enggal padha lunga. lekasa olehe sirna.
 
Desaku Canggu, 14/2/2021
 
 
Aming Aminoedhin
DONYANE ISIH PETENG
 
wis pirang-pirang dina, pirang-pirang sasi
donyane katon peteng. amarga anane
mangsa pandemi. virus wabah mblarah
ana donya. durung gelem lunga, durung
bisa sirna. ana apa?
 
kamangka wis ngliwati laku setaun suwene.
ngliwati mangsa ketiga dawa kang panase
ora sabaene, mangsa rendheng kang udane
ora ana lerene. karepku viruse wabah
bakal lunga, nanging kena apa isih
tetep durung sirna saka donya?
 
donyane isih peteng, iki pacoban kanggo
wong sakdonya kanthi bareng. ora ana
wong kang ora kena pacoban iki.
kabeh melu nglakoni, mung wae akeh
sing padha ngersula. akeh uga sing tetep
dilakoni kanthi donga, lan sabar ati.
donyane isih peteng, dongaa sing dawa
kanthi bareng-bareng. muga tumus
viruse sirna. muga-muga!
 
Desaku Canggu, 16/2/2021
 
 

Aming Aminoedhin

B A N J I R

 

udan ora uwis-uwis, gawe kana-kene

melu banjir. ana uga sing perengan gumuke

longsor. dalanan dadi kena longsorane

lemah, ora bisa liwat kanthi rikat.

kudu akeh tirakat.

 

banjir wis ngebaki kutha-kutha, wingi ika

semarang klelep. nganjuk kuthane kebak

banyu. perengan gumuke melu longsor, akeh

omah ambruk. melu bela sungkawa, akeh

sing ilang nyawa.

 

mula kudu waspada, apa maneh omah

ana perengan gumuk. udan ora uwis-uwis, pancen

gawe ati giris. ora perlu umuk, urip kudu

manembah kanthi tawadhuk.

 

Desaku Canggu, 17/2/2021

 

 

Aming Aminoedhin

D A M A R

 

jamane wis mobat-mabit, kaya damar

kanginan. viruse uga mobat-mabit, kaya

ora rupa, ananging ana. kaya damar

kanginan, arep mati nanging tetep urip.

bukti nyatane tetep isih akeh sing padha lara.

 

delengen damar kurung kae, katone arep mati.

mendrip-mendrip katerak angin, nanging

tetep murup wayah angine lunga. semono uga

viruse wabah, ketoke wis resik. pranyata

taksih kathah, saambrah-ambrah.

 

mula perlu sangu damar ana ati, kang

resik, apik, lan becik. perlu damare donga

kang dawa kareben virus wabahe sirna.

 

Pumo Canggu, 18/2/2021

 

Catatan:

* damar= lampu ublik/cahya/sinar

 

 

Aming Aminoedhin

RODHANE DHOKAR

 

urip mono kaya rodhane dhokar kae. kadhang

ana ndhuwur, kadhang ana ngisor. kanggo

kabeh manungsa, ora bisa urip tanpa ana pacoban.

wong mlarat kesrakat, utawa wong sugih

mblegedhu kabeh kena pacoban. apa maneh

ing jaman saiki, jaman ana pandemi.

kana-kene padha wae kena aradan kuwi.

 

sinau saka rodhane dhokar, ora perlu sesumbar

marang pacobane Gusti. kudu tetep nastiti

ngati-ati, ngadhepi jaman kang sarwa

jempalikan iki. kudu sangu jembar ati, sabar dhiri.

kanthi eklas olehe nglakoni.

 

rodhane dhokar wis gawe piwulang. ora perlu

maido marang sapa wae, apa maneh lambene juweh.

luwih becik weweh, mesthi sithik kanthi sareh.

 

rodhane dhokar, kadhang ana dhuwur

kadhang ana ngisor. aja sok maido

uga aja duwe lambe juweh, awakmu

bakal dadi katon asor.

 

Desaku Canggu, 20/2/2021

 

Aming Aminoedhin

JURI LOMBA ANA DARING

 

jaman pandemi, meh sembarang lomba

nganggo daring. kamangka maneka warna

lombane. ana sing maju ijen, ana uga

sing bareng kanca-kancane. utawa

rombongan olehe maju melu lomba.

 

jumlahe sing melu, ora mung siji loro.

nanging atusan akehe. mata ndelok vidheo

kaya krasa panas. kamangka saiki

wayah udan. njaban omah dalane

teles, hawane adhem.

 

dadi juri lomba ana daring pancen krasa

penak, ora perlu keraya-raya lungguh kursi

ngadhep meja. cukup ana omah isa disambi

udud lan ngopi, bisa karo mbiji. yen kesel

leren, dituthukake suk emben. sing baku

wayah diumumake wis rampung

olehe mbiji. wis ketemu juarane.

 

Desaku Canggu, 22/2/2021

 

Catatan:

* daring= dalam jaringan

 

 

Aming Aminoedhin

M U L I H    N D E S A

 

ancang-ancang mulih ndesa, ora perlu

pikiran werna-werna. pancen akeh ana

memala. pepalang ora rupa wis setaun luwih

durung ilang uga. ana apa?

 

jarene kyai kae, ora perlu banget olehe

wedi, nanging kudu ngati-ati. mlaku

sakmlaku kudu waspada anane mala iku.

budhala kanthi donga, kanthi ati

ngabekti marang wong tuwa. dalan uga

bakale padhang ora ana pepalang.

 

mulih ndesa mung sangu sih-e tali

silaturahmi, sangu ati lan donga suci.

kajaba dhuwit uga kanthi ngirit, ora lali

terus olehe wirid. budhal mulih ndesa

kanthi sarimbit.

 

Braan,  22/6/2021 (09.49)

 

 

Aming Aminoedhin

K O D R A T

 

taun-taun lumaku kaya wis kinodratake

bakal ana memala tanpa rupa, angel ditata.

ing kana-kene kabeh kena, ora ana sing bisa

nglawani kanthi permati. isih gawe wedi

marang sapa wae ana donya iki. wingi ika

kutha-kutha kaya mati. katon sepi.

 

donyane apa wis cedhak kiyamat, ora ana

sing ngerti. akeh wong mblunat

laku korupsi, tanpa rasa wedi. ana uga

seneng laku mbotoh, omong goroh

tanpa tayoh.

 

jamane donya pancen wis kinepung memala.

kapan rampunge memala iku nggodha

manungsa? kapan uga wong-wong iku

ora laku bejat? gawe uripe liyan

dadi mlarat kesrakat.

 

kuwi kabeh wis dadi kodrat jaman akir,

akehana dzikir. aja melu-melu

wong sing padha kenthir.

 

Mojokerto, 22/6/2021 (03.57)

 

 

 

Aming Aminoedhin

AJA SENENG GOROH

 

kepingin urip matoh, aja kerep seneng goroh.

oleh-olehane arep mbalik ana awakmu dhewe.

ing dina mburi bakale ngundhuh woh.

disundhang-pepalang wohing pakarti.

 

aja uga seneng mblithuk, urip malah bisa

kebenthuk-benthuk. hawa awak bisa dadi sumuk.

laku uripmu ora antuk dalan bener,

malah keblinger.

 

laku urip mono kudu samadya, yen bisa laku

weweh. aja uga seneng juweh marang kahanan

sing nyleneh. jamane pancen wis beda, akeh

wong aneh-aneh. mula ati kudu sumeleh, yen

bisa ora waleh olehe gelem weweh.

 

Mojokerto, 21/6/2021

 

Catatan:

* matoh= penak/enak

 

 

 

 

 

 

 

Aming Aminoedhin

NUNGGU ANA WARKOP

 

 

awan kenthang-kenthang, panase ora karuwan.

ora ketang panase kaya ngono, tetep wae

budhal mrono. janji mono ora oleh diselaki.

iku mono jeneng lirwa. sokur angin warkop

bungurasih isih ana semilir, bisa udud

lan ngopi dhewe kanthi legane dhiri.

perlu sabare ati.

 

warkop pojokan bungurasih iku, sing biasa

gawe janjian temu. ngimpi soal guritan

utawa puisi. nanging dina iki, bocahe

ora teka-teka. awakku dadi mangu-mangu, apa

ora sida teka? pitakon iku mung gawe

kemrungsung ati, dene janjian ora kudu wurung.

dina mburi wis ana liya sing kudu diayahi.

 

nunggu ana warkop bungurasih, ora perlu

rangu-rangu. mesthi dhewekan, isih bisa disambi

gawe guritan. hawa panase dadi ilang. awan

iku bocahe teka karo nggawa akeh idhe

nggawe guritan. atiku dadi lega, panase

awan kaya melu sirna.

 

Mojokerto, 20/6/2021 (00.33)

 

Catatan:

lirwa= lalai/lengah

 

 

Aming Aminoedhin

N D L E M I N G

 

tembung ndleming bisa diarani omong dhewe

tanpa rowang. ora cetha sing diomongake.

nanging saiki tembung ndleming bisa

duwe jarwan kang beda. tulisan ana wall efbe

ngomong ilmu apa wae, dikandhakake

ndleming esuk, awan, utawa sore.

tulisane apik bisa nambahi ilmu kang becik.

 

kadhang ana uga ndleming mung arupa

tulisan sing isine maido wong liya. arupa

pasemon, utawa guyonan. bisa uga ndleming

tanpa aling-aling, cet-cet cowet kaya betet.

nulis apa wae sakarepe dhewe.

 

aku luwih seneng ndleming nganggo guritan.

bisa sesorah marang liyan, ngomongake

barang sing prenah. bisa uga

ngajak-ajak dalan genah.

 

padha-padha ndleminge, luwih apik omong

sing becik. ora nggladrah tan-ngemu prenah.

dene tulisan iki mau ndlemingku dhewe,

muga-muga isih ngemu prenah.

 

Mojokerto, 19/6/2021 (02.13)

 

 

Aming Aminoedhin

LERENKE PIKIRMU

 

aja suwe olehmu mikir bab pajeke

sembako, tiwas ngaya kasile awak

tambah nglokro. ora usah melu nggagas,

lerenke pikirmu. mergawea kanthi

sengkud-gumregut, ora perlu melu ribut.

muga kasile panenanmu bakale mbrewu.

 

lerenke pikirmu, mlakuwa kerja kanthi ati.

urip iku jarene ngundhuh wohing pakarti.

dene wis sengkud-gumregut isih ana

sing ndhudhut, iku mono ujian saka Gusti.

tetepa tumindak apik lan tetep taberi.

Gusti mesthi paring wong

kang sregep sukur kanthi ati.

 

lerenke pikirmu, ora perlu digagas

panenanmu bakale dipajeki. Gusti bakal

paring welas, ing dina mburi. percayaa

unen-unen kuwi, manungsa bakale

ngudhuh wohing pakarti.

 

Mojokerto, 18/6/2021

 

 

Aming Aminoedhin

AJA NGAYAWARA

 

ora perlu ngayawara gawe gela atine

sapadha-padha. jaman wis menehi tandha.

akeh manungsa bisane mung cluluk

omongane umuk, ing jaman akir.

ora usah dipikir kanthi permati, malah

bisa dadi ati. gawe larane dhiri.

 

becik gawe pakaryan mupangati, sing

gawe senenge ati. nulis gurit kapacak ana

majalah, sapa ngerti oleh berkah.

ora mung gawe dredah ing jaman

sing nyedhaki bubrah.

 

aja mung ngayawara, omongan umuk

tanpa gathuk. donyane wis tuwa, aja

kakehan ngamuk. urip mono kudu

tawadhuk, jare kyai bubar subuhan

esuk uthuk-uthuk kuwi.

 

bacute piye? manut jarene kyai wae,

supaya laku donyane padhang

ing dina  mburine.

 

Mojokerto, 17/6/2021 (00.39)

 

 

Aming Aminoedhin

ORA PERLU KEMLINTHI

 

duwe kapinteran ngarang ora perlu terus

rumangsa sekti, nepuk dhadha

karo macak kemlinthi. apa maneh

duwe rasa kumalungkung ing jagat

sing dianggep suwung. ora perlu!

 

aja dianggit langit iku mung siji, ana

dhuwure langit isih ana langit sap pitu.

urip ing jagate susastra mono kudu

lembah manah. ora perlu rumangsa

gagah dhewe, tanpa tandhinge.

luwih becik eling marang wejangan

ranggawarsita kae. tetepa gelema

eling lan waspada ing ngalam donya

urip bakale mulya.

 

ora perlu kemlithi ing jagat iki. isih ana

langit sadhuwure langit. nanging

ana manungsa kanggonan lali, ora maido

bisa duwe rasa kemlinthi.

 

Mojokerto, 8/6/2021

 

 

 

Aming Aminoedhin

IMPEN TURAH

 

ngimpi wayah wengi wis rada biasa, yen

turu awan isih ngimpi iku mono impen turah.

apa maneh ngimpi wayah pandemi akeh

virus wabah. ora cetha gambar impene, nanging

katon bocah-bocah wis padha sekolah.

 

pranyata regol lawang sekolah isih tinutup. latar

sekolahe jembrung, gedhung-gedhunge suwung.

kanyata sekolah durung mlaku. bocah-bocah

tetep sekolah saka omah. betah lan katon pasrah!

 

jeneng impen turah wayah awan, ora mesthi

padha karo kanyatan. kuwi mono kembange turu,

sing kadhung ngantu-antu sekolah mlebu.

 

Mojokerto, 7/6/2021

 

 

Aming Aminoedhin

UDAN WULAN JUNI

 

embuh ngimpi apa, wis suwe panase

mangsa ketiga wengi iki desaku udan.

kaya padhat-saben, udan sepisanan

listrike oglangan. wengine dadi

peteng ndhedhet, katon ana konang

padha mabur ing antarane pang-pang.

endah tenan!

 

udan wulan juni wayah wengi, katon

kampung dadi sepi. bakul mie lan bakso

sing biasa liwat, ora ana. krasa

nglangut, uga nyenyet. katon peteng

ndhedet. weteng luwe, bisane mung

gawe mie dhewe. duh...enake!

 

udan wulan juni wayah wengi, eling

jaman ana ngawi. oglangan listrik malah

enak mbakar jangkrik, karo kanca-kancane.

byuh... senenge!

 

Mojokerto, 7/6/2021

 

 

Aming Aminoedhin

DINA AHAD ESUK KUWI

 

 

ora ana sing bakal daktulis kajaba srengenge

tetep sumunar esuk kuwi. mlaku-mlaku

golek koran ana kutha, wis dadi klangenan.

ngiras dhedhe, bisaa waras awake.

 

golek koran saiki uga wis rada angel, bakule

ganti dodolan pulsa. kadhane wis ora payu,

tiwas kesel nunggoni ora ana sing tuku.

kabeh wartane diwaca wis padha mambu, kalah

karo hape. dina ahad esuk kuwi, aku

mangu-mangu. jaman mlakune wis kaya

jaran sentherewe. ora cetha lan gawe

ora ajeg laku sekabehane.

 

srengenge saka wetan katon kaya ngece-ece.

dina ahad esuk iku krasa seje. sumelet panase.

 

Mojokerto, 6/6/2021

 

Tidak ada komentar: