Rabu, 29 Juli 2009

SWARGA ORA BISA DITUKU

aming aminoedhin
SWARGA ORA BISA DITUKU

dina-dina sing mlaku kaya-kaya mburu awakmu
ana polah kang salah kaprah tanpa arah
dina-dina mburi iki kaya langit werna peteng
ireng njanges kaya langese senthir
peteng ndhedhet ana telenge atimu
ati-ati nek kena lara kenthir

ana panah kang wus kok uculake
saka gandewane, mlayu tanpa arah
apa bisa kabeneran iku kok bengkokake

urip mono mung sakderma mampir ngombe
ora susah gawe laraning liyan, apa maneh
rumangsa menang dhewe

dina-dina mlaku katon mlayu nguber awakmu
ana jam kaya ora mlaku. atimu kaya beku
ora ana swarga kang bisa dibayar karo dhuwitmu
swarga mono ora bisa dituku

Siwalanpanji, 28/7/2009