Jumat, 20 Juni 2008

geguritan aming

aming aminoedhin
TANPA MRIPAT

tansaya akeh manungsa
ajak-ajak dalan bener
tansaya luwih akeh manungsa
ngaurip kelangan angger-angger

donya wis kebak manungsa keblinger
amarga lali marang dalan swarga
amarga weruh rajabrana angiler
nganti lali numpuk bandha tan kira-kira

apa donya wis nyedhaki kiyamat
apa aku lan kowe tanpa mripat?

Jetis Kulon, 1995


aming aminoedhin
LAYANGAN


kayadene layangan ana ing tawang
awakku kagoyang-goyang
sing ditali benang nanging ati kebimbang

layangan iku pedhot
tiba ngleyang embuh nyang endi parane
aku ora ngerti atiku kaya pepes susahe

kayadene layangan kang pedhot
atiku sumedhot, ninggali benange kang ruwet
diudhari angel lan njlimet
ati lan pikirku ruwet

Ngawi, 1996



aming aminoedhin
WULAN PASA

ing wulan pasa, wong-wong padha
sregep menyang mesjid taraweh
sabanjure akeh uga wong-wong kang weweh
kandhane wulan pasa iki wulan apik
gaweya laku sing becik

ing wulan pasa mono panggonane palagan
palaganing hawa nepsune dhewe-dhewe
wani perang ing palagan, artine
kudu wani mbuwang laku goroh
laku mbotoh

ing wulan pasa
aku lan kowe kudu cedhak
marang Gusti, lan tumindak
apik, kayata ngaji lan salat wengi


1996


aming aminoedhin
RIYAYA LEBARAN WIS TEKA


sawise pasa sesasi muput
riyaya lebaran tumeka, aku lan kowe padha
aweh apura-apuranta samubarang laku kang luput

manungsa pancen kebak lali
kowe kabeh kudu percaya
mula aja lali njaluka ngapura
marang tangga-teparomu kuwi
mumpung dinane dina suci
gampang lumebering ati
mesthi diyakini

kowe kabeh aja padha takon
apa panjalukmu iku bakal dingapura
percayaa marang Gusti
dene Gusti Allah wae paring ngapura
mosok manungsa ora gelem ngapura

Mojokerto, 1996


aming aminoedhin
ANGIN SUMILIR

angin sumilir ing kampungku
ana antarane godhong-godhong tebu
gemrisik adhuh isise, adhuh segere
dene srengenge abang mbranang
saka kulon katon nyenengake

angin sumilir ing kampungku sore iki
nggawa layangan mumbul dhuwur
kayadene nggawa angen-angenku
melu mumbul ing tawang
nggayuh lintang-lintang

angin sumilir ing kampungku sore iki
ngajak bocah-bocah ngundha layangan
dhuwure ngluwihi angen-angene
ngluwihi impene ing wengi
sabanjure

Canggu, 1997


aming aminoedhin
LAYANG SAKA IBU

kutha surabaya ndadekake kowe lali
marang kuthamu dhewe ngawi
sing saben malem setu legi
nanggap wayang ana pendhapa bupati

kowe mono bocah sing seneng
penekan ana wit-witan wetan omah
ngundhuh dhondhong utawa pelem
karo nembang ‘gajah-gajah’

kadhangkala mbokya muliha
cerita babagan rejeki sing tumpah-ruah
kanggo budhal menyang Mekkah

kutha surabaya ndadekake kowe lali
kayadene laline wong kang nepi
sabanjure, dina kuwi uga aku mulih
menyang kutha ngawi, mumpung
isih ana wektu. mumpung isih bisa mlayu

ibu aku mulih, mesthi ora gawa impenmu

Surabaya, 1999


aming aminoedhin
KELANGAN TEMBANG KASMARAN

angin segara tansah nyuwara
kayadene tembang asmaradana
swarane endah ana talinganku
keprungu

nanging ana apa tembang kang endah
swarane kuwi sirna. ilang kaya dipangan
bethara kala

ana prau-prau nelayan
isih tetep setya tuhu nunggu wengi
ngenteni angine kang arep
nglakokake praune ana tengah segara
golek iwak, ngupaya upa
sadina-dinane

angin segara kaya tumeka maneh
tembang asmaradanane keprungu nyleneh
apa aku wis kelangan tembang kasmaran
merga sliramu ilang ana sisihan

Surabaya, 2000


aming aminoedhin
MANUK BELUK


manuk beluk sing nyuwara wengi iku
swarane medeni bocah kang lagi
arep budhal turu
mbulan ana ing tawang kayadene melu
susah krungu swara iku
lintang-lintang ora metu
amarga swara beluk swara manuk

apa bener, swarga manuk beluk iku
ndadekake atiku uga melu kisruh?

wengi wis sepi nyenyet
ati lan pikirku mampet

Canggu, 2000


aming aminoedhin
PUNGKASANE TAUN IKI

swara-swara trompet
kang cemrowet ing malem taun baru
kayadene swara jerit, ndadekake
kupingku pengin dakjahit
amarga swarane kaya setan
mbrebegi talingan

pungkasane taun
apa ndadekake wong-wong terus lali
marang dina kang wis wengi

ana pungkasane taun iki
apa ora luwih becik
ana omah wae utawa ana mesjid
memuji marang Gusti
ndonga kanggo dina mburi

Canggu, 1995/2000



aming aminoedhin
KUTHA SURABAYA

ana ing mangsa ketiga
apa sing daktulis babagan kutha surabaya
mung ana panas lan sumuk ing swasana
sadina-dina

dina-dina liwat
urip mung anane grusa-grusu
sarwa kesusu. panggonane urip
kayadene sempit. yen ora oleh
kasebut kajepit

wayah awan panase panas tenan
ana kene. ewadene wayah wengi
ora kalong panase. sumuk
akeh nyamuke

surabaya ing mangsa ketiga
apa sing dakimpekake
ora ana tumuse

bbs, 2001



aming aminoedhin
SRENGENGE ESUK IKU

sumunare srengenge esuk iku
kayadene sumunare dina-dina liyane
katon abang mbranang ana wetan
nanging kok rasane rada seje
abange nengsemake
endah wernane

sumunare srengenge esuk iku
nggawa senenge atiku
amarga ibu ngasta roti
kanggo ulang taunku

ana latar njaba, kembang mlathi
lan anggrek, padha ndherek
gumuyu

Mojokerto, 2003



aming aminoedhin
MBULAN NDADARI


langit wengi iki sumilak
mbulan ndadari katon asri
lintang-lintang katon abyor
ora kepetung driji

mbulan ndadari katon asri
mlaku saka wetan nuju ngulon
madhangi jagad kang wis sepi
lumakune alon-alon

sapa sing nglakokake mbulan iku?
mbokmenawa mung Gusti
Kang Murbeng Dumadi, sing
kuwasa paring lakune
bulan ndadari

Canggu, 2003



aming aminoedhin
KEMBANG MLATHI

tronthong-tronthong bang-bang wetan
wis katon. wayah subuh wis tumeka
ana embun gumantung godhong. putih bening
hawane esuk isih atis. adhem tentrem

ing latar omah kembang mlathi mekar
ambu wangine sumebar. werna putihe
katon endah ana mataku

dakjupuk kembang mlathi
dakronce dawa dadi kalung
kanggo kalung ulang taune Ibuku
ing dina iki. aku percaya Ibu mesthi
katon ayune edi peni. aku percaya
Ibu mesthi bakal gumuyu

Canggu, 2003



aming aminoedhin
GURUKU

saben dina maringi piwulang marang aku
nerangake matematika, sejarah, basa jawa
lan basa indonesia. uga piwulang ilmu
liya-liyane

guruku uga maringi piwulang budi pekerti
nanging nyang apa akeh bocah sing percaya
marang televisi

samubarang sing ditirokake
koyok solahbawane robot-robot
sing marakake bocah goblok

dene sing diwulangake guru
bocah-bocah wis padha lali. apa malah
orang gelem nggugu

Canggu, 2003


aming aminoedhin
WANCI DALU

wengi wis sepi nglangut
ana swara manuk beluk
nambah mamringe wanci dalu
swara kenthong titire rondha keprungu
saka kadohan katon ngaluk-aluk

wanci dalu mbulan ndadari
katon asri nengsemake ati
kaya ayune kenya ana televisi
sing dadi penyanyi dekwingi

kanyata omahe kenya iku
mung tanggaku, prenahe ana mburi
omahku


Mojokerto, 2003


aming aminoedhin
NELAYAN

prau kang diombang-ambingake ombak segara
praune nelayan golek iwak, ngupaya upa
nglabuhi urip ing donya

lakune prau wis ora jejeg maneh, ombake banter
praune oling nanging ora nggoling

nelayan kuwi ora wedi
amarga angin lan ombak segara kuwi
wis dadi kancane saben dinane

uripe wis disumendhekake ana segara
urip lan pati ngono wis pinesthi
marang Gusti, kandhane
nelayan kuwi


Sidoarjo, 2003



aming aminoedhin
PADHANG MBULAN


ana desaku canggu wengi iku
padhang mbulan madhangi pelataran
bocah-bocah padha dolanan ana latar
jamuran, dhelikan, lan gobaksodoran

bocah-bocah iku wis lali marang sinaune
lali marang film kartun ing televisi
sing saben dinane didelok karo ibune
uga nganti lali mangan lan ngombe

padhang mbulan ana desaku
katon endah lan asri, krana ana lintang-lintang
gumebyar abyor madhangi bocah
dolanan gobaksodor nganti wengi

Canggu, 2003



aming aminoedhin
UDAN RIWIS-RIWIS

udan riwis-riwis esuk iki
kayadene ngunci sikilku arep lumaku
lumaku njangkah ana pagaweyan lumrah

nanging nyang apa atiku bubrah
dene suku ora gelem lumaku
pagaweyan kantor ngambra-ambra
wis nunggu ora kuwawa

udan riwis-riwis kaya sarujuk
karo atiku. males mlaku
swarane udan riwis-riwis malah
kaya kandha manthuk-manthuk
tandha setuju

Mojokerto, 2003


aming aminoedhin
NDHUK ANAKKU WADON
* mira aulia alamanda


ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
dadi wong wadon iku kudu
suci uni, suci rupi, lan suci ati

amarga donya wis menehi tandha
akeh wong wadon lambene bengak-bengok
akeh wong wadon matane plerak-plerok
akeh wong wadon aten-atene bosok
lungguh methothok mlaku ora ndedelok
kabeh iku aja mbok tiru, anakku

ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang ika
mbulan ora werna abang mbranang
lintang-lintang ora gelem gumebyar
lan srengenge kaya ngece-ece

mula iku omonga sing apik
dandana sing resik
mlakuwa sing becik
ing ngalam donya
ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
goleka dalan swarga liwat tetep madhep
lan manteb terus dhedhepe marang Gusti

Canggu, 2003

Tidak ada komentar: