Rabu, 21 November 2012

CERKAK-CERKAK PENGARANG SASTRA JATIM

CERKAK-CERKAK PENGARANG SASTRA JATIM


JERIT BUBAR MAHGRIB
Dening: J.F.X. Hoery

Sidane sing diarep-arep teka tenan sawise mahgrib. Mulihe iki sengaja ora nggawa perlengkapan apa-apa, kajaba glathi kang tansah sumlempit ing bangkekane. Ajaa ketemu bakul tanggane sing kandha yen dheweke diarep-arep supaya bali amarga Emboke lara nemen ngono, dheweke ora ngarah gelem bali. Ya liwat bakul sing ngandhani iku, dheweke banjur meling yen bengi iku bakal mudhun, sawise nyerahake tugas-tugase lan aweh pituduh marang wakil lan mitra-mitrane.
“Jare lara nemen Mbok, kathik katon seger bae?” pitakone sawise mlebu ngomah lan nyumurupi yen Mboke ora apa-apa.
“Iya. Cucul-cucul lan ganti dhisik, Har.”
Sing dikandhani ora mangsuli. Klambi dril ijo sing wis luntur ijone, diuculi terus dicantholake ing saka. Dheweke terus menyang sumur, adus. Bubar adus mung nganggo clana lan sepatu. Ora lali glathine kang tansah sumlempit. Klambine isih cumanthel ing saka.
“Embokmu kangen banget, Har,” kandhane Bapake sawise padha lungguh ngadhep meja tengah omah mburi.
“Ngono kok jare Simbok lara nemen, tak Pak. Kamangka kahanan tambah gawat ngene. Tenaga lan pikiranku dibutuhake dening perjuangan kanggo mempertahanake kamardikan sing wis kita kumandhangake,” wangsulane Hardiyanto.
Lha yen ora ora takakal ngono, kowe tangeh lamun gelem mudhun. Karodene kowe ngerti yen kahanan sangsaya gawat ngono, apa isih arep tetep blusukan terus-terusan turut ngalas?
“Kersane Bapak?”
“Perjuanganmu bebasane timun mungsuh duren, Har. Apa landheping pring wuluh sing mung kairing bedhil-bedhil karaten iku kuwana nandhingi pasukan Landa sing gegamane sarwa lengkap lan modern? Iku dudu tandhinge, Har.”
“Pak, kanggone para pejuang ora bakal miris ngadhepi mungsuh senajan nggawa gegaman kang lengkap. Semangat lan tekad perjuangane putra-putra bangsa, bakal luwih ampuh katimbang katimbang mriyem-mriyem, mitraliyur sarta sawernane gegamane Landa.”
“Muspra, har...muspra! Landa bakal unggul jurite ing payudan iki.”
Hardiyanto meneng krungu omongane bapake sing mangkono panemu sing kaya ngono. Kamangka nalika dheweke pamit nggabung kanca-kancane mbentuk Laskar Tentara Pelajar ndhisik ora mangkono. Panjurung lan pandonga sing ditampa. Semono uga nalika dheweke tilik mulih telung sasi kepungkur. Nanging saiki, ya gene Bapake duwe panemu kaya mangkono? Pikirane dadi judheg. Wong loro isih padha meneng-menengan.
“Wis rampung kae lho! Nyang mburi mangan dhisik!” Kandhane mboke njedhul saka lawang pawon. Hardiyanto karo bapake ngadeg, terus memburi ngadhep meja mangan. Dhasare budhal mau durung klebon apa-apa, dikon mangan terus bae mlaku.
“Kok mbeleh pitik barang ta mbok?”
“Pancen nyawisi awakmu, sawise ndhek emben dikandhani yen kowe bengi iki arep teka. Bola-bali anggonku melingake, supaya kolwe tilik mulih.”
“Ngono kok kandhane jare sampeyan lara.”
“Yen ra ngono kowe mesthi emoh bali. Iku awakmu nganti kaya ngono wis ora mbok openi, betheke anggonmu katrem mburu kidang sing durung genah papan grumbule.”
“Mburu kidang sing durung genah papan grumbule?”
“Wis ah, mangan dhisik! Mengko omong-omonge, “ pamunggale Bapake.
“Lha iya, simbok iki lho wong jamane kaya ngene kok ya masak-masakak kaya ngene!” Kandane karo nyiduk sega.
“Iku rak kanugrahan ta Har! Waregana, aku ndak-nggawe kopi.”
Sing dikandhani terus mangan. Nanging pikirane terus ngrambyang, meruhi kahanane wong tuwane sing adoh banget bedane panguripane laro nalika dheweke bali telung sasi kepungkur. Saiki jamane saya angel, keamanan saya gawat lan ekonomi saya seret. Nanging sajake wong tuwane bisa urip kanthi ayem. Tentrem, lan kepenak. Kamangka mrana-mrana rakyat padha sesambat angele golek pangan. Kok wong tuwane bisa mangan sarana turah-turah paribasane, miturut kanan sing diadhepi iku. Banjur apa karepe mboke, kandha yen kabeh iku jare kanugrahan? Senajan lagi nengahi mangan enak, nanging rasane ora enak. Dheweke eling perjuangane, eling tugase mempertahanake kamardikan lan daerahe. Uga eling marang kanca-kancane sing ditinggal ing nggunung daerah gerilya, sing mesthine bengi iki nindakakeprentahe supaya nyusup menyang daerah pertahane mungsuh. Dheweke kesereten, bola-boli keselak. Kepeksa anggone mangan dirampungi.
“Wis Har, tinggal bae,” kandhane bapake. Wong loro banjur bali maneh menyang omah. Hardiyanto kaget, weruh cawisan ing meja.”
“Iku lho Har, wedange!” kandhane mboke.
“Mbok,...... Pak....! Iki susu lan roti saka ngendi? Jajan-jajan smene iki saka ngendi?” pitakone Hardiyanto karo isih ngadeg ing ngarep meja, sedhela nyawang isen-isen meja terus nyawang bapake lan mboke genti-genten.
“Mau rak wis dikandhakake mbokmu ta Har, yen kabeh iku kanugrahan, mulane kowe takkon mulih.”
“Kanugrahan? Kanugrahan saka ngendi pak?” Hardiyanto katon wiwit ora sabar.
“Sabar Har, Sabar. Mau aku rak wis kandha ta, yen sejatine perjuanganmu iku pindhane timun mungsuh duren.”
“Dadi bapak lan simbok saiki wis kena pangglembuke mungsuh?”
“Pikiren Har, aku wong tuwamu. Sawise dakrasakake seprana-seprene, banjur apa sing diarep-arep saka asile kamardikan? Coba pikiren, uripe dhewe wiwit jaman Jepang nganti ngancik jamane kamrdikan urip kaciingkrangan terus-terusan bae. Balik saiki, sawise Landa bali tekan kene maneh! Embokmu wis ora nate blanja. Susu, gula, beras, kopi, lan liyane wis meh telung sasi mlaki iki, terus dikirimi saka tuan van Hendrik.”
“Bapak!” pambengoke Hardiyanto karo nggebrak meja, krungu kandhane bapake. Atine tambah getem-getem maneh, bareng krungu jeneng van Hendrik sing ora liya Komandan Markas Landa ing kuthane. Saiki dheweke ngerti yen wong tuwane wis kena pangglembuke Landa, lan dheweke dikon mulih iki ora liya mesthi akale mungsuh.
Mulane har, kowe becik bali bae.” Mboke nrambul kandhane, trus bacute.
“Tuang Hendrik arep menehi kalungguhan yen kowe gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji kancamu kae, saiki kepenak melu serdadu Landa. Lan sing kerep mrene diutus tuan Hendrik ngeterake barang-barang iku yang dheweke. Mula amrih slamete awake dhewe lan amrih kepenakae turuten.”
“Bangsat! Kurang ajar! Dadi Daroji sing dadi pengkhianat. Yen ngono dheweke sing mbocorake marang Landa, nganti penyerbuane kanca-kanca gagal, lan akhire dheweke dianggep ilangb dhisik? Saiki dheweke dadi gedibale Landa, lan ya dheweke sing bisa ngracuni wong tuwaku?” Kanepsone Hardiyanto ora bisa dibendung.
“Wis ta Har, turuten panjalukku!”
“Pak, jiwa ragaku wis dak tegakake kanggo tumbaling kamardikan.”
Dumadakan krungu swara sepatu pating ketheprok. Wong telu padha meneng, lan pandeng-pandengan. Swara sepatu keprungu saya cedhak lan sajak akeh. Hardiyanto sadar yen ing saroning bebaya. Trengginas dheweke nyaut klambine kang cumanthel ing saka, mencolot memburi terus nggeblas metu lawang pawon, nasak petenging wengi. Sing ditinggal mlayu ora bisa apa-apa, mung pating dlongop.
“Ora suwe pating jedhul serdadu Landa wis mlewbu njero omah nggawa cucuk laku Daroji.
“Endi anakmu Hardiyanto? Wis teka kaya janjimu dhek wingi?” pitakone pimpinan serdadu sing arep nyergap hardiyanto marang bapake Hardiyanto saran tembung sing kagok.
“Eh....uu....uu Durung te...teka Tuan,” jawabe bapake Hardiyanto glogap-glagep gupuh. Sing wadon ngewel saka wedine, cangkeme kaya disumpeli ora bisa kanggo omongan.
“Durung teka? Ah bohong. Iki cawisane sapa?”
“Bener Tuang, dheweke durung teka. Iki, ....iki....kanggo nyawisi dheweke yen mengko teka.”
“Kowe ngapusi ya!” pambengoke pimpinan serdadu Landa iku, karo ngarahake pucuke sangkur marang bapake Hardiyanto.
“Daroji, lan liyane coba golekana anjing Republik Hardiyanto, menawa isih ndhelik ana njeri kene!” daroji lan serdadu andahane wiwit tumandang ngubres ing njero omah iku. Nanging sing digoleki ora ketemu.
“Lawang pawon sing mburi menga, Tuan. Lan ing meja bubar ana wong mangan, piringe durung dikukuti. Nanging Hardiyanto ora ana,” kandhane salah sijine serdadu Landa totok.
“Ha....ha....ha..... kowe ngapusi ya!”
“Ora Tuan. Sing bar mangan aku dhewe lan bojoku mau saka sumur durung ditutup.”
“Bohong! Kokdelikake ana ngendi anjing republik iku?
“Be...” Durung nganti tutug omongane bapake Hardiyanto, dumadakan, Pyar!.... Sakabehing isen-isen meja ambyar disampluk popor.
“Kowe.....kowe anjing ngapusi aku ya? Iki sing mbok jaluk?” Prak,....brug!.... Bapake Hardiyanto ditarik terus ditampani sabetan popor, tiba gumebrug natap lawang terus ora obah. Sing wadon njerit nubruk sing lanang, Serdadu Landa wis ora maelu panjerite wong wadon sing blulungan jeir-jerit iku. Padha buyar metu lan ora suwe keprungu swara pating jedor saka panjebluge senjatane. Landa sing ngawut-ngawut peluru ing des kono. Swara jerit bubar mahgrib binarung panjebluging senjatane Landa.@


Panyebar Semangat, No. 33
Tanggal 16 Agustus 1975.

diambil dari “Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
Halaman 36 sampai 43







DUDU SALAHKU
Dening: J.F.X. Hoery

Kebeneran banget pas aku oleh giliran penataran, mas Anto prei seminggu. Dadi bisa ngejak Aniek ana ngomah. Maune wis dadi pikiran bae, kepriye mengko Aniek yen dak tinggal nganti jam loro sajrone seminggu iku. Yen dak tinggal ngomah mesakake eyange sing dina keri-keri iki iya sering gerah. Tujune bae kok mas Anto ya bapake Aniek preine bisa ngepasi wektu aku penataran, atiku dadi cumemplong.
Kanthi anane penataran iki, kajaba kanggo peningkatan sarta nguwasani kurikulum anyar, kanggoku uga pinangka wektu kang becik lan kebeneran banget bisa ketemu kanca-kanca lawas, sing saploke pengangkatan wis arang-arang banget ketemu. Kanca-kanca sing biyen saben dina bebarengan abunemen sepur bakal kumpul maneh sajrone seminggu. Seneng. Senanjanta sebageyan gedhe wis padha rumah tangga, kepara sing putri wis padha momong kabeh. Klebu aku dhewe. Gumawang ing pangangen swasana lan kenangan nalika abunemen biyen. Jam setengah lima kudu wis siyap ing stasiun Pandangan. Yen wayahe mulih saumpama wulangane 8 jam pelajaran, kepeksa jam pungkasan ora mlebu aliyas mbolos mung saperlu kanggo nututi sepur. Marsini, Siti, Tatik, Wiwin, Naniek, iku kanca-kancaku kang paling raket. Kanca-kanca mau sumebar ing desa-desa sajroning telung wilayah kecamatan, yaiku Purwosari, Padangan, lan Kasiman.
Tenan, dina kapisan mlebu penataran apa sing sing dakgambarake dadi kanyatan. Kanca-kanca saangkatanku meh kabeh oleh giliran penataran bareng aku. Bareng padha ketemu, wah senenge nganti katone wis padha lali yen padha duwe anak bojo. Padha rangkul-rangkulan, gablog-gablogan lan sapanunggalane anggone ngesok rasa kangen marang kanca. Apamaneh Marsini bareng ngerti yen aku uga ing bahasa Indonesia bungahe ora jamak, dheweke nggablogi aku karo kandha,
“Mengko awor dadi sabangku ya, mbak AR!”
“Iya. Dhik Yayuk ana ngendhi?”
“Dheweke oleh bageyan matematika. Piye mbak Ar, Aniek wis bisa apa?”
“Wis playon, wong umur sepuluh wulan wis bisa mlaku. Malah wis suwe olehku mareni emik.”
“Lha ana ndalem karo sapa?”
“Karo bapake. Kebeneran pinuju prei.”
“Mas Anto isih ana Cirebon pa?”
“Ora. Wis pindah ana Geothermal ing Garut.”
Saben ketemu Marsini mesthi nakokake Mas Anto. Kajaba pancen wis kenal, pancen dheweke kancaku sing dhisik dhewe ngerti kisahku karo mas Anto. Kathik pancen hubungane wiwit dhek isih sekolah kaya sedulu bae.
Kajaba kanca-kanca saletingku, arang sing tak kenal. Amarga pengangkatan sangisorku sing akeh saka sajabane Bojonegoro.
Dina kapisan wis lumaku. Bali dadi murid maneh, lan swasana kaya nalika ana SPG bali tumimbul ing penataran iki. Aku sida jejer karo Marsini ing bangku larikan nomer telu. Mburiku wis dienggoni guru-guru putra, sing sebageyan gedhe durung dak kenal amarga dudu lulusan SPG Bojonegoro.
Nyandhak dina kapindho nalika awayahe nyatet, Marsini diulungi kertas sasuwek saka kanca guru mburine. Bareng kertas dibukak lan aku melu maca, wong loro dadi mesem. Marsini noleh memburi lan aku nglirik, semu geli. Kertas mau ditulisi sing muni mangkene:
Bu Mar, aku dikenalake kanca sandhingmu iki. Wiwit ketemu wingi aku kok simpatik. Trims yaaaa....”

Kepriye olehku ora geli, wong wis pak Guru ndadak kenalan bae njaluk pearantara. Bubar noleh memburi, Marsini ngingeti aku karo driji dudinge ditumpangake lambene. Tulisan mau ora dibalesi, Marsini lan aku terus nyatet pelajaran. Bareng bel ngaso muni, aku diglandhang Marsini menyang pojok gedhung sisih mburi. Karo mlaku aku takon,
“Sapa sih Dhik asmane pak guru kancamu mau?”
“Pak Darmadi. Benne Mbak Ar, ayo dikapokake.”
“Sa sekolahan ya? Paketan saka ngendi dheweke?”
“Ana SD Batokan-Dua. Eltheha saka Magetan.”
Aku wong loro ngguyu bareng. Durung tutug anggonku omong-omongan, pak darmadi nyedhaki, terus takon Marsini.
“Kepriye, Bu?”
“Beres. Tapi kudu ngerti syarat-syarate jaman saiki.”
“Wah, ngono bae mosok kudu nganggo pelicin?”
“Lha yen ora gelem mengikuti kahanan jaman ya terserah. Kari milih kepingin batal apa kasil.”
“Okelah yen pancen mangkono syarate. Menyang endi, nonton apa Miroso?”
“Karo-karone.”
“Ya wis beres,” njawab mangkono, Pak darmadi terus nyawang aku. Banjur kawetu tembunge,
“Kepriye Dhik, kersa ta?”
Aku meneng bae, ora mangsuli, kuatir yen salah kedaden. Masiya mung guyon rak ndrawasi, jer nyatane aku wis duwe anak-bojo. Nanging sajake pak guru darmadi sing mesthine adhik kelasku iki malah nekad lan kandhane tetep ora basa.
“Jenengmu rak Aryati ta, mau aku dikandhani pak Pur. Rak isih single ta. Mosok meneng bae?”
Aku tetep meneng bae, lan sajake dheweke grisinen kabukten terus ninggalake aku, karo kandha marang dhik Marsini.
“Tenanan lho Bu Mar!”
“Dhik Mar, mbok dheweke dikandhani sapa sabenere aku iki. Mundhak kisinan lan mesakake.”
“Bene Mbak Ar, ben ditutugake. Pancen ana kono sifate iku sing ora daksenengi. Yen durung ketanggor rak ora kapok, mulane iki kesempatan sing apik kanggo ngapokake dheweke.”
Wis telung dina penataran lumaku. Pak Darmadi saya nekad anggone nyedhaki aku. Malah nalika bel mlebu dheweke gageyan nglingguhi kursine Marsini karepe arep njejeri aku. Nanging bareng, Marsini mlebu terus diuring-uring lan Pak Darmadi sidane isin dhewe. Jane aku ya mesakake, niyatku arep dakblakani yen aku wis duwe anak bojo. Nanging Marsini tetep ora oleh.
Mlebu bubar ngaso aku dadi kontring dhewekan amarga buku cathetanku ora ana. Kamangka mau daktumpuk ing njero laci meja. Marsini daktakoni, dheweke uga ora ngerti malah melu bingung nggoleki. Daktakokake ngiwa nengen ora ana sing ngerti. Sidane aku mupus, tujune isih ana buku kosong liyane. Nanging cathetan sing wing-wingi iku, aku rak kepeksa kudu nyathet maneh. Nganti mulih buku cathetanku ora ketemu lan ora ana sing ngakoni nggawa.
Dina esuke nalika aku mlebu ruang arep ndeleh buku ditututi pak darmadi karo nyangking buku kandel. Dheweke terus nyedhaki aku karo kandha,
“Iki lho Dhik Ar, bukumu wis dak salinake ing buku kandel iki. Mengko ora susah nyatet, daktulisake maneh bae.”
Aku kaget. Dadi sing njupuk bukuku wingi dhewekwta. Ngono dhek wingi ditakoni Marsini ora ngaku. Ngono dhek wingi diatkoni Marsini ora ngaku. Atiku ddi mangkel, pamaneh kathik ngundang aku dhik. Lagi, umure bae jelas tuwa aku. Masa dhinese ya dhisik. Aku. Aku banjur setuju banget karo trekahe Marsini arep ngapokake dheweke. Iki kudu dhendham, mung sawijining pepenget amrih dheweke luwih ngati-ati ngadhepi bocah putri apamaneh kanca-kanca guru putri.
“Ngono wingi ana wong kontring kok kendel bae,” kandhaku mbukani rembug.
“Mergane aku seneng sampeyan,” jawabe mblubut. Aku tambah mangkel. Sidane aku mantep karo krenahe marsini anggone arep ngapokake. Durung nganti dakwangsuli maneh, kaselak Marsini mlebu kelas.
“Hayo, semayan apa iku!” pambengoke Marsini lan Pak Darmadai dhewe terus metu nglungani.
“Dhik, tibake bukuku dheweke sing nggawa!”
“Aku dhek wingi wis ngira.”
Buku kandel lan buku cathetan dhek wingi dibalekake. Bareng dakbukak, ing njero ana amplope. Amplop dakulungake Dhik Marsini dakkon mbukak. Tibake ing njero amplop isi layang katresnan kanggo aku. Kathik isine terus blaka suta bae.

Dhik Ar.
Arepa kepriye aku ora bisa pisah karo sampeyan. Wiwit ketemu ana kantor sawatara wektu kapungkur aku tansah katon-katonen bae. Mulane bubar penataran mengko aku wis sedya arep nglamar dhik Ar. Lan wiwit mengko yen kodur dakterake.”

Salam tresna:
DARMADI
“Percaya ora saiki awakmu Dhik Mar, rak tambah gendheng ta. Coba yen ngene iki kepriye, wis saiki bae blakanana.”
“Wis ngene bae saiki Mbak, sampeyan semayani gelem diterake suk pungkasan penataran lan kudu karo aku barang. Benne ngerti dhewe. Karone aku ya wis kangen karo Aniek.”
“Ya wis yen karepmu ngono. Aku setuju, karone yen mengkone dheweke kisinan ya dudu salahku lho Dhik Mar.”
Tenan, mulih penataran karepe Pak Darmadi arep ngeterake aku, nanging daksemayani suk pungkasan penataran bae bebarengan karo Dhik Marsini barang. Dheweke nampa janjiku iki.
Dina penutupan penataran mulihe jam sewelas, amarga acarane pancen mung penutupan bae. Pak Darmadi sida tindak omahku. Aku sepedahan dhewekan, dene Pak Darmadi mboncengake Dhik Marsini. Ing dalan wong telu ora pati akeh jejangongan. Batinku sejatine ya ora kepenak lan mesakake Pak Dar.
Marang mas Anto kabeh mau dakcritakake, kepara layange barang diwaos Mas Anto. Mas Anto mung gumujeng bae, amarga kedadeyan ngene iki ora pisan pindho.
Biyen wis nante kancane mas Anto ngira yen aku iki adhike Mas Anto. Aku ditembung menyang Mas Anto jare arep dipek. Mas Anto kepeksa gumuyu lan dikon kandha dhewe, nanging durung nganti kandha wis diomongi kancane yen aku dudu Adhike Mas Anto, nanging bojone. Tibake saiki, sawise aku duwe anak siji, isih ana maneh sing kecelik. Sepisan maneh iki dudu salahku.
Tekan nglatar keprungu swarane mesin ketik, kang ora liya mesthi Mas Anto ngrampungake naskah-naskahe. Aku ngebel karo mudhun saka sadhel. Krungu swara bel sepeda, Aniek mlayu metu karo bengok-bengok.
“Ibu awuh.... Ibu awuh, ..... Apaaakkk, Ibu awuh.....”
Aniek nubruk aku, Mas Anto nututi metu saka kamar kerjane. Marsini mudhun saka boncengan terus ngrebut Aniek sing dakbopong, diciweli pipine karon disun. Aku nyawang memburi katon Pak darmadi kaya wong bingung, ndomblong lan praupane katon mbrabak.
“Mangga Pak, pinarak. Dhik Mar, Pak Dar diaturi ta, kok ditinggal.”
“Eh, iya, mangga Pak Dar!” pangajake Dhik Marsini. Mas Anto metu ngerti ana Dhik Marsini banjur mbagekake.
“Oh, Dhik Mar, kadingaren. Nganti Aniek wis playon lagi tindak mrene maneh.”
“Kenalke Mas Ant, kancane Dhik Mar.”
“Oh, mangga...mangga pinarak.”
Aku ndhisiki mlebu ngomah terus nata kertas-kertas tik lan nata majalah-majalah basa Jawa sing mblangkrah ana meja, ketoke bar nggo dolanan Aniek. Pancen majalah-majalah basa Jawa kang dadi pasrene omahku.
Wong papat banjur padha lungguhan, aku karo mangku Aniek kang lagi ngedhot. Pak Darmadi ora pati ana guneme, kapara akeh menenge lan ora wani nyawang aku. Senajan aku karo Marsini nggawe suwasana biyasa, nanging Pak darmadi katon sajak nanggung rasa isin.
Nganti pamitan Pak darmadi ora akeh omongane ora kaya dhek ana penataran. Embuh ana ndalan utawa ana sekolahan sesuk, Marsini dikapakake dening Pak darmadi. Aku melu ngrasa mesakake marang Pak darmadi sing digambar Dhik Marsini. Nanging kabeh iki rak dudu salahku. Senajan mangkonoa aku karo nguntapake tekan ndalan isih mbukani rembug.
“Aja kapok tindak gubugku lho, Pak Dar.”
“Inggih, matur nuwun,” jawabane malih basa terus melahi sepedhahe sawise Marsini ngamplok ing boncengan.

(Jaya Baya Nomor 45, Tanggal 12 Juli 1981).
Diambil dari buku “Banjire Wis Surut” kumpulan crita cekak, anggitane J.F.X. Hoery), halaman 45-53).




DONGENG
Dening: Djajus Pete

Ing alas ana kethek lanang sing lagi tapa.... Ora mangan ora turu nganti awake kuru lan mripate cowong. Weruh mangkono ana Dewa sing welas. Dewane mudhun, nakoni kethek iku. Duwe pepenginan apa kok nglakoni prihatin kaya mongkono?
“Anu, Dewa, kula pengin dados tiyang lan mimpin tiyang saknagari,” mangkono semambunge ibune Abi ndongengi Abi wayah ngarepake turu.
Karo mbenakake kemule Abi, Ibune mbacutake dongenge yen Dewa bisa minangkani kekarepane kethek kanthi mbalangake barang cumlorot sing adoh parane. Barang cumlorot iku ceblok dadi sendhang ing tengah alas, arane sendhang Anyar. Banyu sendhang bening kincling lerap-lerap. Kethek dikon kungkum ing sendhang kono rambah kaping pitu. Adus sepisan, wulune sing dhiwut-dhiwut ilang kaya dicukur resik. Adus maneh, ilang rai ketheke, malih dadi rai wong.
“Buntute, Bu?”
“Buntute suwe-suwe ya ilang bareng adus maneh. Sawuse adus kaping pitu kaya welinge Dewa, awak sakojur jibles wong,” wangsulane karo nyawang jam tembok.
Jam sanga persis, wayahe Dunia Dalam Berita ing TV. Nanging TV-ne ora diuripake. Lagi arep disetel mengko sarampunge siaran berita dunia, nonton sinetron.
Bacute dongeng, katrima anggone dadi wong menangan lan bisa ngalahake Ratune negara. Terus dheweke nggenteni dadi Ratu. Dhasar gagah, isih enom, katon ngengkreng mibawani. Kepenaking uripe dadi ratu uga dadi senenge kethek-kethek balane sing ana njero alas. Kajaba kethek-kethek iku diayomi keslametane, saben dina Ratu Anyar iku ngirimi pangan sak truk menyang alas. Sing dikongkon ngeterake prajurite sing bisa nyopir, Dikirimi sawernane buah-buahan, Sawernane roti lan sega salawuhe, komplit tekan ombene.
“Ngombene banyu sak drum, Bu?”
“Ora, wong Ratu sugih. Ngombene Aqua, Susu Kothak, Teh Botoh lan Sprite, kaya sing didol ana warunge Lik In kuwi,” wangsulane Ibune karo nggleges.
Segane dibungkusi, lawuhe werna-werna, endhog, iwak, daging, pindhang. Wong-wong tani seneng marang Ratu Anyar iku merga wis ora ana kethek-kethek sing ngebyong nyolongi tanduran bareng wis dicadhong pangan saben dina.
Tekan kono dongenge Ibune rampung. Sarana dongeng iku Ibune butuh ndhedher semangat ing atine bocah, yen sapa bae bisa klakon panjangkane waton kenceng pangudine. Kewan bae bisa keturutan kekarepane, apamaneh wong, ngono tembunge Ibune.
“Uler kae yang ngono. Nglakoni prihatin kepengin dadi kupu. Suwe-suwe ya keturutan, bisa mabur. Mulane kowe ya kudu sregep sinau lan ndonga supaya keturutan cita-citane. Suk pengin dadi apa yen wis gedhe?”
“Dadi tentara. Nembak, thor...thor...thor....!” wangsulane Abi sing klas siji SD, kelingan tentara nembak-nembak ing TV.
“Kethek-kethek sing nyolong tanduran ya tak tembak, thor....thor....thor.... Mati.”
“Ketheke wis ora nyolong tanduran wong wis wareg dicadhong Ratune.”
Nanging Abi terus ngecipris ngandhakake dongenge Bu Guru ing sekolahan ngenani kethek. Gurune nyritakake yen wateke kethek iku ala, srei, urikan, seneng ngapusi lan gelem nyolong ora uwis-uwis. Kethek yen weruh apa-apa mesthi diambu dhisik. Yen ambune seger, njajal diincipi. Yen enak terus nggetu dipangan nganti entek. Saka watege sing seneng ngambu-ambu iku njalari kethek akeh nemokake panganan. Apa-apa arep, apa-apa doyan. Kancil sing ora bisa menek uga tau kongkonan kethek supaya menekake gedhang mateng ing uwit. Kancile mung uman kulit sing diuncal-uncalake kethek mengisor.
“Nek aku dadi tentara, Kancil takewangi. Ketheke tak tembak, thor, thor, thor...!” semambunge Abi sigrak karo ngacungake tangane kaya nembak-nembak.
Ibune seneng krungu rembuge Abi sing lucu. Nanging Ibune ya anyel yen Abi ora turu-turu. Yen njaluk ditunggoni terus bisa keganggu enggone arep nonton sinetron. Dikeloni, diisik-isik sirah lan gegere, bocahe isih klisikan.
Lagi bisa ditinggal sawise nglepus. Kemule dibrukuti amrih anget awit hawane rada adhem. Ibune nonton TV, Abi nonton impene.
Ngimpi weruh buah-buahan saktruk diudhunake ing pinggir alas. Kethek-kethek gumerah rame pating crenguk lan pating cruwet. Akeh sing ora sabar, pating clingkrik munggah truk lan ana sing kerah rebutan buah sing paling gedhe. Prajurit sing nyopiri truk leren ngisis ing ngisor wit sawise ngudhunake krenjang-krenjang pangan momotane. Apel, jeruk, jambu, mangis, salak, rambutan, sawo, anggur, gedhang, roti-roti lan sega-sega bungkusan pepak saombene.
Ana wong ngemis lanang wadon kemecer weruh panganan mumbruk. Arep melu njupuk ora wani, wedi yen dikrayah kethek sing pating pringis kaya ora kena disanak. Kepeksa nembung marang prajurit sopire sing jedhal-jedhil rokokan sendhen wit.
“Pak kula nyuwun sekule niku, Pak. Mang pendhetake kalih bungkus mawon.”
“Piye unimu?! Kowe mrentah aku?! Takbedhil pecah ndasmu!” wangsulane prajurit mendelik mripate.
Sing disengap ngibrit nyingkrih karo nggeret sing wadon saka wedine. Abi nututi lan ngandhani yen ora kabeh entek dipangan kethek. Akeh sisa pangan sing mblader. Ana sing kalong separo lan akeh buah sing lagi dicakot sethithik terus dibuwang saka akehe p0angan sing cumepak tanpa kangelan. Yen truk lan kethek-kethek iku wis lunga, sisa pangan bisa digreseki kena kanggo tamba luwe yen doyan, ngono tembunge nyandhet wong ngemis diakon sabar sawetara.
Abi ora seneng karo prajurit sing galak iku. Nanging Abi ora ngerti, geneya marang padha wonge muni arep mbedhil. Yen marang kethek tangkepe kok malah apik, semanak. Ana kethek sing nrucak munggah menyang pundhake mung dietogake. Ana kethek sing ngeret-eret topine uga diumbar wae. Malah diajak guyon, topine dienggokake ing sirahe kethek.
Prajurit, sopir, sing isih gojek karo kethek-kethek dadi gugup lan nata panganggone bareng weruh sedhan ireng gilap kaiiring truk kebak prajurit. Ratu Anyar mudhun saka sedhan kaya kepengin nyipati senenge kethek-kethek dikirim pangan.
Marang ratu, Abi madulake tangkepe prajurit sing kasar arep mbedhil wong ngemis. Papane wong ngemis diduduhake, kena ditakoni yen ora percaya. Karepe Abi, supaya prajurit iku diseneni.
“Kowe anake sapa kok kendel omong. Isih bocah kok wis wani nyaruwe wong tuwa. Sapa sing mulang kowe?”
Abi mangkel, enggone wadul ora digape malah dheweke sing diurus tekan wong tuwane. Mula Abi kepengin males kanthi mbukak wewadine Ratu iku. “Kowe yang Ratu sing asale saka kethek tapa, diewangi Dewa.”
Sing kedumuk mbrabak abang. Lambene kumedhut nandhakake yen nesu banget. Tanpa diprentah, prajurit satruk gage tumandang. Nanging Abi wis njrantal mlayu mblusuk alas ketel, kesusu swara tembakan” thor...thor... thor....! Swara siyute mimis liwat ndhuwur sirahe. Playune saya dikebat, banjur ndhesel ing grumbul kandel karo ngasokake napase sing krenggosan. Merga ing sandhinge ana swara kethek pating kruwek kaya nuduhake pandhelikane, Abi mlayu maneh luwih adoh tekan pinggir sendhang sing banyune butheg angganda banger.
Apa iki Sendhang Anyar sing dicritakake Ibuku? Ah, mesthine dudu. Jare Ibuku Sendhang Anyar banyune bening kincling. Iki butheg kaya peceren, ngono batine dhewe mbantah karo niling-nilingake swara lan nyawang mubeng. Kuwatir yen ana glibete prajurit nguber dheweke.
Abi gage ngumpet weruh kledhange Ratu marani sendhang dietutake prajurit loro nyangklong bedhil tholang-tholang. Atine saya trataban awit Ratu sing terus cucul panganggo iku ora adoh karo papane ndhelik. Abi saya nyekete ing njero rerungkutan, nyawang sapari polahe Ratu tanpa kedhep liwat sela-selaning kekayon.
“Biyen aku nate adus ing Sendhang Anyar iki ambal kaping pitu. Suweku adus nganti kaping pitu njalari suwe anggonku dadi Ratu. Aku arep adus maneh kaping pitu.” Grenenge dirungu cetha dening Abi.
Ratu ambyur kungkum ing sendhang. Kaya ora nggagas marang butheg bangering banyu. Malah slulup-slulup katon seneng. Prajurit sing nunggu padha njumbul weruh Ratu sesembahane malih kethek tuwa dhiwut-dhiwut. Senajan mangkono isih bisa nggetak prajurite supaya ora ngowoh terus nyawangi dheweke.
“Iki Sendhang Pangalapan. Dhangkane dhemit ngganggu gawe aku, nganti aku disikara kaya ngene,” tembunge golek samudana, golek tiban nyalahake liyan.
Tembung mengkono iku emoh diarani yen alaning rupane saka kecemplung dening kaluputane dhewe. Kadereng saka kepengine dadi Ratu salawas-lawase nganti pandelenge sing wis lamur ora bisa membedakake bening butheking banyu sing dicemplungi. Wis kebacut dadi lakon, kaya wis ginaris dening kersaning Hyang Manon. Senajan mengkono atine meksa angluh nganti suwe anggone thenger-thenger. Lagi kumecap maneh bareng prajutite ajak omong.
“Lajeng kados pundi kersaninpun?”
“Aku arep ngaso ing guwa. Jaganen rapet lawang guwa karo kanca-kancamu, aja nganti ana wong sing nranyak mlebu,” tembunge mutusake ndhelik, emoh yen anggone kewirangan dadi tontonan.
Kaya wedi yen selak kaweruhan wong akeh, gegancangan tilas Ratu mlebu guwa, diiringi prajurit siji. Prajurit sijine terus nggoleki kanca-kancane diajak pacak baris njaga lawange guwa. Marga ana ayahan sing luwih penting kanggo njaga keslametane tilas Ratu. Abi sing durung kecekel wis ora diburu. Lagi Abi wani metu saka pandhelikane sawise aman. Niyate arep mulih, durung nganti metu saka alas, Abi weruh wong gemrudug pating braok mlebu alas. Padha nesu, mbengok misuh sauni-unine nggoleki tilas Ratune karo nyawati kethek-kethek kang ndhelik ndhepipis ing pucuk-pucuk uwit.
“Goleki ing njero guwa, aku ruh! Ndhelik ing njero guwa, aku ruh!” bengoke Abi ngandhani. Banter anggone mbengok kaya nglindur njalari Ibune sing nonton TV nggugah.
Nanging Abi wis lali sawutuhe impene. Elinge kari mblenyak-mblenyak, pedhot-pedhot, kaya barang pecah kang wis ambyar angel digathuk-gathukake endi sambungane.
“Ah, apa iya?” Ibune nggleges. “Mangka dongenge Ibu wis rampung ki. Ing dongeng kethek isih dadi Ratu kok.”
“Ora, Buk. Tenan, aku ruh.”
Jaya Baya, No. 1 Tanggal 5 September 1999.
diambil dari “Blangkon” Kumpulan Crita Cekak PSJB, halaman 76-83








BEDHUG
Dening: Djajus Pete

Bedhug masjidku swarane kepleg. Pangiraku, olehe kepleg kuwi merga kayu klonthongane bedhug kurang gedhe. Garis tengahe klonthongan 70 sentimeteer, dawane ora ana semeter. Kelingan yen ing kuburan ana wit jati gedhe, aku banjur rerasan karo lurah Bakir. Wose setengah usul yen dianggep prayoga, apa jati gedhe ing kuburan iku kene dianggo ngganti bedhug?
Lurah wangsulan yen arep ngrungok-ngrungokake luwih dhisik awit sing duwe jati iku masyarakat. Yen masyarakat sarujuk lan takmir masjid mathuk, Lurah lagi nganakake musyawarah antara LKMD, tokoh masyarakat, takmir masjid, lan alim ulama.
Saka senengku duwe gagasan digatekake, gage tak kojahake marang lik merbot Khomad. Lik Khomad sing omahe cilik sedhak masjid iku paklikku cer. Wiwit taun 1960 lik Khomad enggone dadi merbot. Ayahane merbot kejabah kuwajiban nabuh bedhug minangka tandha tekane wanci sholat, uga reresik njeron masjid tekan sakupenge pekarangan. Mbukak nutup lan ngisi kolah.
Mesthine lik merbot seneng duwe ponakan kaya aku sing gelem mikir kanggo apike masjid. Nanging sajrone aku kojah ngethuprus, lik merbot kaya ora butuh nyelani. Aku mung diingeti wae. Sarampunge kojahku, lik merbot lagi kumecap.
“Ckk, ora susah diganti. Bedhug iki wis apik,” wangsulane tanpa greget.
“Kepleg ngonten kok sae.”
“Ckk, iku rak kupingmu sing ndleya.”
Mangkel aku, malah kupingku sing diluputake. Ajaa ora sungkan, aku kepingin balik nudhuh nganggo nalar sing genah. Apa ora lik merbot dhewe sing wis suda pangrungone?
Nalare maton, patut saumpama wis suda krungon, awit kejaba umure wis 50 taun munggah, dhasare kulina brebegen bedhug kang ditabuh sasuwene dadi merbot 30 taun lawase.
Mangkel aku, kupingku waras-wiris dielokake ndleya. Nanging merga aku isih bisa ngurmati wong tuwa, mula tembungku isih tak gawe sareh. “Sing mastani kepleg niku sanes kula dhewe, Lik. Kathah tiyang celak-celak mriki sing mastani ngonten.”
“Wiwit madege masjid iki, bedhuge ya kuwi. Rung tau ganti. Yen bedhug iku ora apik, mesthine wis diselehake.”
“Sampeyan wastani sae rak mergi sampeyan dhewe sing nabuh. Nggih banter ta, wong mireng sampeyan king celakan. Cobi sampeyan mirengaken king tebihan. King kidul mriku mawonlah, mboten sah tebih-tebih, mengke ra....” durung tutug rembugku, lik merbot terus nglungani, ninggal aku ijen ing buk regoling pekarangan masjid.
Lik merbot nguripake mesin sanyo, nyedhot banyu saka sumur disekake menyang kolah. Mesin sanyo iku tukon saka dhuwit batuwane pemerintah. Masjidku antuk bantuwan dhuwit puluhan yuta engga gelare masjidku malih gedhe ngengkreng.
Jobin sing maune bata warasan, diganti tegel traso gilap, digelari karpet ijo. Serambine nggantheng dibangun tingkat. Khubah makuthane saka semen kang kukuh, digempur, diganti khubah alumunium gedhe mblendhuk.
Samubarange wis dibangun. Emane isih ana sing kesingsal, prakara bedhug cilik kang swarane kepleg kuwi. Geneya ora ana sing ada-ada ngajak ngganti bedhug gedhe kareben swarane ulem ngumandhang?
Karepku apik, urun pikiran, ngamal gagasan. Lha kok malah ditanggapi nylekit dening merbot. Nanging lik merbot ora mbantah ora nulak nalika katut diundang musyawarah. Wangune lik merbot wis bisa nggagapi yen kabeh bakal sarujuk bedhug diganti.
“Leresipun sampun dangu anggen kula kepingin nawaraken jatos menika kangge sarana tempat ibadah. Soal bagaimana bedhug menika dibikin, kula sumanggakaken dhateng pihak takmir masjid ingkang langkung mangertos. Biaya negor sampai mengeluarkan kayu dari kuburan saya tanggung,” tembunge lurah bakir sajak mongkog.
Gela atiku krungu temunge Bakir karo ora jujur iku. Kudune Bakir pratela yen gagasan ganti bedhug kuwi saka usulku. Idhe gagasanku malah dirampas tanpa rikuh pakewuh. Saka gelaku, aku kebacut wegah melu caturan. Sekdes Desiran sing keprungu semaut, kandha nyumbang seket ewu kanggo ongkos tukang.
“Wacucalipun kula tanggel,” semaute Haji Mas’ud, pedagang palawija.
“Alhamdulillah... Jaza kumullohu. Mugi amal panjenengan sedaya pikantuk piwales langkung kathah saking Pangeran,” puji dongane Akmal Sholeh, ketua takmir masjid.
“Lajeng, ingkang sae kadamel bedhug menika wacucal manapa pak Merbot?’ pitakone haji mas’ud mengo menyang pernah lik merbot kang lungguh mencil ing larikan kursi mburi dhewe.
“Ah, kula menika namung sadermi nabuh.”
“Ya aja ngono. Iki ngono musyawarah kanggo mufakat. Golek giliging rembug gathuke panemu,” tumanggape Akmal Sholeh.
“Kula kuwatos badhe mungel wacucal anu menika sae. Kadhung digega, mengke nyatanipun gek mboten sae. Ungelipun gek awon, gek mboten saged banter ngumandhang.
Lah, pripun....rak kula mengke ingkang dipun paido tiyang kathah,” semambunge lik merbot.
“Umumipun ingkang dipun damel bedhug menika wacucal lembu. Sae, ungelipun saged bening. Menawi saking wacucal maesa, awon, ungelipun sok kebluk,” aloke lik merbot.
“Jangan-jangan lulange gek kendhor niku. Saka nggonku kana ya blas gadhas ndhak jelas ki, swarane. Bleg, bleg, ngono. Kadhang krungu, kadhang ora,” semaute lurah bakir kang mimpin musyawarah ing pendhapaning omahe, wayah bubar Isya.
Dohe omahe Lurah Bakir saka masjid watara 300 meter. Isih cedhak omahku saka masjid, kurang saka 200 meter. Merga omahku cedhak masjid, aku kerep ndeleng panggarape bedhug anyar kang digarap tukang ing ngiringan masjid.
Tukange loro. Siji nggarap klonthongan, sijine nggarap jlagrag tumpangane bedhug. Putusaning musyawarah, bedhuge ora dipapanake gumandhul kaya bedhug lawas, nanging ditumpangake kaya sumelehe kendhang gamelan. Lulang sapi bakal raining bedhug sumbangane Haji Mas’ud wis cepak.
Kuciwane panggarape bedhug kurang rancang awit tukange kerep ora menyang. Malah antarane lurah bakir lan Anwar Ali kedadeyan kemreseg. Karepe Anwar Ali nembung sisa kayu arep dienggo sulam blandar payon kolah.
“Kok tekan blandar kolah barang. Itu kan tidak katut diprogram,” wangsulane ditirokake Anwar Ali marang aku. “Blandar sepinten, wong ming alit mawon kok. Wit jatos sementen agengipun mongsok sisanipun sampun mboten wonten. Taktakoni ngono ki, ndadak makpendelik....., prempeng, nesu-nesu. Lho, bicaramu kok seperti ngoreksi saya. Aku dielokeke ngono.”
“Takonmu ngono. Ya makcos! Wong sisane kayu sing keri ing kuburan wis embuh parane diangkut pedagang.”
“Aku ki ra krungu maune. Karo isih prempal-prempul njur kandha yen sisane kayu wis diedol atas musyawarah LKMD kanggo kebutuhan desa.”
Iku rak unine. Kepala SD-ku rak ya pengurus LKMD. Nyatane kok ya kresah-kresuh ora ngerti playune kayu,” tembungku.
“Karepku ki rak mumpung isih ana tukang. Kena diselag ngganti blandar payon kolah sing dipangan rongos. Saiki tukange malah kerep lowok. Ning ya ora nyalahke tukange wong olehe nukang iku kanggo ngingoni anak-bojone. Yen ana sing nganggokake baune, sing kene ya ditinggal.”
Tukange kang suwe ora ngaton, ditemoni Akmal Sholeh lan lurah Bakir. Malah saka karepe Lurah, ditambah tukang ukir. Anane Bakir gedandapan nyengkakake tukang jalaran ana sambunge karo enggone mentas dipriksa Sospol lan Irwilkab.
Pancen ana sing kirim surat kaleng marang Bupati, prakara sisa kayu kuburan sprapat kibig. Sing nyurat kaleng iku benere kepala SD-ku. Ukarane disusun bareng karo aku ing tengah wengi.
Anwar Ali sing ora ngerti kenthang-kimpule, misuh-misuh ketiban awu anget. Kandha marang aku yen dheweke diambu-ambu Bakir. Dirasani sing akal-akal ngaleng mendhuwur. “Ngawur tenan. Kok njur digothak-gathukake karo enggone mentas kemreseg karo aku. Bakir rak mentas didhuni Sospol, dipriksa ing kantor kecamatan.”
“O....ya, ya, piye,piye,” panyelahku manthuk-manthuk kaya lagi krungu kasuse Bakir dipriksa.
“Jare wong kecamatan, Bakir ditekan supaya mbantu bisane bedhug iku enggal dadi.”
“Lho, lho! Menggoke kok nyeklek menyang perkara bedhug. Kasuse rak penggelapan kayu jati.”
“Jare merga bedhug ukuran raksasa, ngiras kena dipamerake Bupati sing arep Jumatan kliling mrene.”
Panggarape bedhug disengkud, dilembur-lembur. Eling-eling asale saka idheku, mareming atiku ora kayaan weruh dadine bedhug. Garis tengahe 120 senimeter. Dadi bedhug gedhe bregas. Klonthongan lan jlagrage diukir ngrawit, diplitur meleng-meleng.
Wiwite arep digunakake kanthi ngadhani tumpengan panggang buceng telung ambeng. Dikepung ing serambi masjid. Tumpenge diangkah rampung wayah tabuh Magrib kanthi nganyari swarane bedhug gedhe iku.
Bedhug anyar klakon ditabuh Akmal Sholeh. Aku njombak krungu swarane sing mleset saka panganenku. Lurah Bakir uga katon mlenggong. Sawetara perangkat desa lan tokoh masyarakat kang diundang uga mlengok gumun.
“Weh, lha kok gini. Bedhug gedhene sahohah kok ya nggedablug. Iki apane sing kurang sip. Padahal sesuk kuwi pak Bupati arep Jumatan keliling mrebe,” guneme Bakir karo ndemek-ndemek bedhug gedhe.
“Napa angsale Jumatan keliling pak Bupati niku kalih mreksani bedhug-bedhug ta, Pak?” ana swara nyangkal njalari polatane Bakir malih rengu.
Bakir nyawang mider menyang pernahe santri-santri enom kaya nggoleki asaling swara. Nanging Bakir ora bisa ndumuk sapa sing mentas clebung mengkono mau. Sateruse Bakir grenengan, “Iki ing njero masjid lho. Yen guneman sing apik. Aja sengak-sengak. Dosa.”
Sawenah pengurus takmir masjid ana kang banjur cluluk, supaya swarane luwih apik, njero klonthongan dipasang benthangan pir loro utawa telu kanggo getaran suara. Pire bisa digawe saka kawat bias, diluker-luker kaya pir.
Saka anane gunem kang dianggep ngerti marang akal carane gawe bedhug, njalari Bakir adreng prentah marang Akmal Sholeh supaya bedhug iku dibongkar.
“Rumangsaku wis apik swarane,” ujare Akmal Sholeh.
“Eh, apik piye. Gung marem. Apike dibongkar saiki wae. Ora nubyak-nubyak. Sempit wektune yen sesuk lagi dibenahi,” wangsulane Bakir.
Akmal Sholeh sing kulina grudag-grudug karo Bakir wekasane manut. Pantek kayu nyrangap kang maku ngencengi ubenge lulang dicabuti santri enom. Rai bedhug dicopot sasisih. Bakir cucul dhuwit kanggo tuku kawat menyang toko ngarep pasar.
Perkara oleh berkat, akeh sing terus mulih. Mengkono uga aku. Mula aku ora ngerti sateruse, dilembur tekan jam pira bendhug anyar kuwi.
Sing tak rungu sabanjure, wayah Subuh atiku kaget ngungun krungu swarane bedhug banter ngongang kuwara nggeterake atiku. Sarandhuning awakku krasa mrinding.
Swarane empuk ulem kaya ndudut, kaya nggeret-nggeret atiku. Notolku kepingin mara ora kena tak candhet. Ora sabar aku metu kemulan sarung, tanpa srandhal. Lurung dalanku peteng, jemek cemer mentas udan. Lakuku kepleset-pleset. Cenunukan. Mendhunge isih nggameng. Hawane atis kemreyes. Lambeku cethatuken.
Masjid sepi.
Sikilku gembel blethok.
Aku ngadeg ing ngarep serambi masjid. Weruh lik merbot mentas wudu, aku aruh-aruh, “Lik, lik merbot.”
Lik merbot nyawang pernahku ngadeg. Epek-epeke ditungkulake ndhuwur mripate, kaya ulap kena sunaring lampu.
“Kula mireng swanten bedhug ulem ngumandhang, Lik. Swantene bedhug enggal ta niku wau?”
“Bedhug lawas sing taktabuh.”
“Ya Allah...! panguwuhku kaget. Bedhug anyar tak weruhi isih njegadhah ing ngisor kaya nalika diundhunake sore mau. Gedhe ngedhangkrang, mlompong tanpa rai. Raining bedhug kang dicopot sasisih durung dibenakake.
Sikilku gemeter.
Mripatku kekembeng.
Atiku nangis, nangisi awakku, nangisi uripku kang isih uncla-unclu ing umur 40 taun.
“Mlebua. Wisuhana sikilmu kang rusuh kuwi. Paklik melu bungah kuping atimu wis bolong, kowe wis ora sengsem marang swara bedhug,” tembunge lik merbot njalari atiku saya ngondhok-ondhok.
Ya Allah, Ya Robbi.
Mripatku saya kekembeng. Eluhku ora kena takampet. Aku menyang kolah karo ngeling-eling urutane wudu lan dongane wudu. Ana kopiyah nganggu cumanthel cagak. Lik merbot ngulungake kopiyah iku marang aku. Jamaah Subuh, lik merbot sing ngimami. Makmume ora akeh, mung wong wolu.***

Panjebar Semangat No. 19- 10 Mei 1997
diambil dari buku“Kreteg Emas Jurang Gupit” Kumpulan Crita Cekak Djajus Pete, hal. 1-8





ING KENE ANA CAHYA
Dening: Sri Setyo Rahayu


Esuk srengenge wis dhuwur. Bocah Taman. Bocah Taman Kanak-Kanak nol-kecil wis mulih. Nanging, Widuri isih durung mingket saka diapne. Mripate tumancep menyang jendhela, nembus gorden kuning ing kono. Katon langit kang biru sumilak resik ing antarane pang-pang lan godhong-godhong pelem. Ana manuk sajodho kang pencolotan, oyak-oyakan, swarane pating crowet.
Widuri nyawang kanthi sumringah. Ora krasa tangane diangkat, banjur drijine obah ngetheti. Dheweke biasa ngetheti bethete bu Mitro, tangga sisih wetan kuwi. Ning wis luwih seminggu iki dheweke ora weruh bethet kuwi. Wis luwih seminggu dheweke mopo. Ah, manuk loro kuwi mencok ing ruji jendhela. Dheweke krengkangkrengkang tangi, ning........
“Adhuh!!!”
Widuri bali ambruk. Ah, sikile digips, ora kena obah babar pisan. Tangane sing kiwa kebak perban. Oh! Dumadakan mripate teles. Wis luwih seminggu dumadine, nanging kaya lagi wingi. Awan-awan mulih sekolah, sepedhahan beberengan karo Suryadi, panas kenclang-kenclang, bareng truk amot watu kang lakune banter. Banjur Suryadi alok....
“Wiiiid!!!!!” banjur dheweke gugup, banjur....., banjur......., oh Gusti!
“Rodha-rodha truk iku! Ana ngendi Suryadi saiki?”
Nalika eling lan wis bisa ngomong, kancane iku ditakokake. Suryadi. Ngendhikane bapake.......
“Suryadi uga padha dene dirawat, pada dene nandang tatu.”
“Nemen tatune?”, pitakone, nalika kanca-kancane padha niliki.
“Padha karo Widuri. Malah mbok menawa sikile kudu dioperasi, Wid. Balunge remuk.”
“Oh! Sikile dipotong?”, Widuri njola.
“Iku lagi perkiraan. Ning muga-muga ora.”
Widuri dadi thenger-thenger. Saumpama dheweke ora tatu ngene, mesthi wis nggoleki Suryadi, ketua kelas-e, klas III pasthi alam.
Oh, gek kaya ngapa klase ditinggal Suryadi mengko? Mangka pertandhingan antar kelas ngadhepi Harpenas wis wiwit. Apa bisa kelase mboyong piala bergilir maneh kang saiki ngregani kelase, awit jago olahragane kepeksa ngaso ana dipan!
Nanging nganti dina iki, nganti dheweke kena mulih, sanajan isih kudu turon bae, Suryadi durung ana katon. Kanca-kancane tetep kandha, Suryadi isih dirawat. Malah ana sing nggodhani, “Surya kangen karo kowe, Wid. Kowe ora kangen ta?”
Widuri mesthi bae mbrabak. Wis dudu rahasia maneh, yen antarane dheweke lan Suryadi, ana apa-apane. Kaya wis dadi dalil. ‘Jago kuwi mesthi ketarik karo jago.’ Mangka Widuri jago matematika, jago Inggris, lan Suryadi jago olah raga, malah jago segala macam pelajaran. Nah, dadi wis trep, pasangan kang ideal. Ndilalah, jago-jago mau saiki padha dene kena musibah!
Widuri unjal ambegan. Manuk sajodho ing ruji jendhela wis mabur maneh, wis pencolotan ing pang-pang maneh, wis oyak-oyakan maneh, banjur mabur adoh. Bali sepi ngrajani ati. Widuri ngeremake mripate. Pegel. Sikile krasa senut-senut. Dhawuhe dokter, seminggu maneh lagi bisa dibukak. Iku bae isih kudu ana keputusan mengkone, perlu operasi apa ora.
Lan dumadakan bae Suryadi wis ana ngarepe.
“Suryadi!” Widuri alok gumbira. “Surya!”
Surya mesem, nyekel tangane. Widuri weruh, bocah lanang kancane iku wis seger, ora ketara olehe lara babar pisan.
“Surya! Sikilmu wismari ta? Ora sida dipotong ta?”, pitakone nricis.
“Ora. Ora sida,” wangsulane sareh. Delengen, aku rak ora apa-apa ta?’
Widuri mesem, nyawang sumringah.
“Ora,” wangsulane kenes . “njur, kowe mlebu yen ngono. Ah, pertandingane mesthi bakal menang maneh Surya. Pialane tetep duweke kene, ya!”
Suryadi mesem, manthuk-manthuk,
“Harlan nggodha, kowe kangen jarene”
“Aku pancen kangen,”
“Aku uga.”
Dumadakan, guyune pecah. Widuri mbrabak tomat. Suryadi nyekel tangane luwih rapet. Kandhane lirih....
“Amarga truk iku ya, Widuri. Truk iku kang nyebabake kita duwe rasa kangen. Yen kita....”
“Kita kangen,” Widuri mesem.
“Lan tresna!”
“Mula kita mbesuk milih jurusan kang padha, ya?”
“Iya. Kowe kepengin nyang ngendi?”
“Kedokteran.”
“Kedokteran! Aku uga, kita padha-padha nulung wong kang sengsara ya, Wid. Kaya dokter Herman Susilo ing tivi kae. Ngutamake tetulung tinimbang golek rejeki. Kaya awake dhewe iki. Hmmmmm, tujune ana dokter Pur..... Aja ana dokter Purnono ngono....”
“Iya. Bapak ya ngendhika mangkono. Dokter Purnomo pancen wis misuwuur sosiale, kok.”
Banjur omonge saya akeh. Widuri krasa yen dheweke waras. Bisa mlaku maneh, bisa sepedhahan maneh. Lan kaya-kaya saiki wis bener-bener ngadeg jejer karo Suryadi, padha-padha nganggo lab-jas, nyekel pinset lan peso bedhah ing kamar bedhah. Ah!
“Kowe menawa sing bakal nampa beasiswa, Wid.” Kandhane Surya.
“Ora! Kowe mesthine, Kowe all-round, kok!”
“Ora, kowe.”
“Kowe!” Widuri ngengkel.
“Kowe,” Surya negesake.
“Kowe” Widuri nirokake.
“Kowe, kok. Tenan, kowe kok, Widuri.”
Widuri dumadakan ngguyu weruh Surya dadi serius ngono kuwi. Banjur wangsulan nglendheh:
“Ya, ya. Aku sing nampa beasiswa. Ah, Bapak Ibu mesthi remen banget.”
Lan Suryadi ngguyu marem. Tangane saya kenceng nyekethem tangane Widuri, lan mripate saya cedhak. Widuri gugup.....
“Oh!?”
Gragapan. Suryadi ilang. Widuri ngelekake mripate amba. Suryadi ora ana! Sing ana: Bapak, Ibu, Wali kelase.
“Slamet siang, Widuri,” panyapane wali kelase.
Widuri isih ngungun, ora mangsuli. Thenger-thenger nyawang wong-wong sing mesem ana ngarepe.
“Kepenak rasane saiki.”
Oh, Widuri lagi sadhar saiki. Dheweke ngimpi. Ngimpi kang edi. Gragapan, saiki dheweke nyawang wali kelase.
“Oh, pak Tamin.”
“Ana apa kok sajak thenger-thenger?”
“Ah, mboten, sampun saras kok. Anu, Pak.....,” dheweke nyawang wali kelase. “Anu, ....Surya kados pundi?”
“Surya....”
“Nembe kemawon dalem nyumpena, kepanggih Surya. Sampun saras. Malah criyos menawi kula nampi beasiswa. Ah, mesthi Surya goroh, dheweke jagoan segalanya, kok. Inggih, pak?”
“Widuri....” Bapak nyela, “Saumpama kowe sing nampa beasiswa, Wid rak seneng ta?!”
Widuri manthuk. Bapake uga mesem.
“Pak Tamin ngasta berita kanggo kowe. Sepisan, kelasmu nampa piala. Kapindho, Widuri nampa gelar Pelajar Teladan ke III sa Jawa Timur!”
“Oh!’ Widuri nyawang ora percaya. Wewayangane mitra rakete katon ngegla ing mripate. Groyok swarane: “Lajeng, Suryadi....”
Ora ana sing cemuwit. Kabeh kaya nahan ambegan. Oh, Gusti, dumadakan Widuri krasa sumendhal atine. Dumadakan bae, Suryadi mesem ngregem tangane. Oh, Gusti, kaya ngapa pucete esem iku saiki.
“A, a, Suryadi, Bapak.” Swarane serak.
“Widuri!” dumadakan Pak Tamin nyekel lengene, paningale kaca-kaca. Widuri, Suryadi.... ora bisa ditulung maneh, Widuri.”
“Oh!”
Kedokteran, lab-jas. Kedokter, lab-jas. Widuri semaput.
Yen ana kabegjan lan kasedhihan kang campur dadi siji, panggonane ana atine Widuri. Dheweke kepeksa ditampa sawise nampa piagam penghargaan ing malam perpisahan sekolahe. Sikile wis mari ning ana panggung salaman karo Direkture, dheweke kelingan Suryadi. Suryadi! Lan kabeh siswa kang ngebaki aula SMPP kang munggah iku melu trenyuh. Kabeh kelingan jago volly lan basket kang saiki wis tentrem. Si juara kang sabenere taun iki nduweni hak kanggo gelar Pelajar Teladan ke I sa Jawa Timur!
Ah! Kabeh unjal ambegan. Widuri ngusap mripate, kaya katon cahya sumunar madhangi sakupenge Suryadi. Cahya kang tumus ing jendhalaning atine. Cahya kang sumorot ing meja bedhah. Cahya mripate Suryadi. Widuri saya mantep, dheweke kudu dadi sawijining dokter kang mumpuni sakabehe. Kandel rasa kamanungsane kaya dokter Purnomo kang nengenake tetulung.@****

Panjebar Semangat No. 34 Tanggal 21 Agustus 1977
diambil dari “Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
Halaman 9 sampai 15




BONEKA CINDERELLA
Dening: Sri Setyo Rahayu


Nalika iku toko rame banget. Maklum, tanggal enom. Apa maneh toko panggonanku nyambut gawe iki klebu gedhe lan apa-apa ana. Yuli ing bagean klambi-klambi, dadi prasasat ora kober ngusap kringet ing raine. Wida ing panggonan sepatu lan tas, uga mangkono. Mas Joko ing bagian pembayaran uga padha dene.
Mung ing ngarep etalase kang daktunggoni, rada sela. Boneka-boneka lucu pating trenguk nyawang wong kang slira-sliri. Antariksawan Neil Amstrong, Batman, Putri Salju, jejer-jejer rapi ing sacedhake montor-montoran lan kapal terbang.
Ana priya siji kang suwe nliti pajangan boneka-boneka iku. Clilang-clileng mbungkuk, kaya ana sing digoleki. Kawit mau aku ngawasake, lan kepengin takon kang dikarepake. Nanging dheweke ketungkul liyane. Olehe milang-miling, tanpa ngrewes wong blanja liya-liyane.
Maune aku kuwatir, gek-gek dheweke duwe sedya ala. Nanging nalika dheweke ndengengek lan mripate natap mripatku, aku dadi gragapan. Mripate sumunar ramah banget, lan dheweke manthuk kurmat.
“Nuwun sewu,” kandhane alon.
“Oh, boneka?” aku nyawang etalase.
“Ingkang pundi?”
“Anu........,” dheweke nyawang aku satleraman.
“Boneka Cinderella”
“Boneka Cinderella?” aku mlengak. Sajege aku ana toko iki, durung nate krungu jeneng Cinderella iku. Banjur dheweke daksawang.”
“Kados pundi, inggih?” pitakonku.
“Anu, kala emben wonten. Kala emben nalika kula kaliyan Riri mriki, boneka punika taksih wonten.”
Aku mikir-mikir, karo nyawang boneka-boneka sing ana. Pancene aku ya nate maca buku dongeng sing jeneng Cinderella ngono kuwi. Mula tanganku banjur ngranggeh Putri Salju.
“Punapa kados punika, inggih?” pitakonku karo nuduhake boneka iku. Dheweke manthuk.
“Inggih, kados punika. Nanging ingkang Cinderella punika langkung ageng, rambutipun dipun klabang lucu, pitanan abrit. Rokipun jambon, werninipun tumpuk-tumpuk, sae sanget.”
Oh, aku kelingan saiki. Boneka iku panggonane ana ndhuwur etalase kene. Aku kelingen sing tuku, bocah wadon umur telung taun karo ibune.
“Riri remen kaliyan cariyos Cinderella punika. Mila nalika wonten boneka ingkang radi cocog kaliyan gambaripun Cinderella punika, Riri lajeng mastani Cinderella mekaten.”
“Riri? Keng putra inggih?” aku mesem takon mangkono.
Dheweke nyawang aku. Aku kaget, panyawange murung. Gage dakterusake, “Nuwun sewu, menawi.....”
“Ah, mboten,” pamunggele. Eseme katon maneh, samara sanget. Banjur dheweke nyekel Putri Salju. Diiling-ilingi ngati-ati. Aku ngiling-ilingi dheweke. Dheweke simpatik. Rambute rada dawa. Panganggone prasaja. Mesthine Riri iku anake. Nitik olehe seneng Cinderella mesthine Riri wis gedhe, wis kelas telu SD. Ning jebul ora.
“Riri kelas kalih,” omonge isih ngiling-ilingi boneka.
“Inggih,” dheweke nyawang aku. Aku gragapan nampa eseme. Banjur sambunge karo nyelehake Putri Salju, “Eman, piyambakipun namung kepengin Cinderella.”
Aku nyawang kanthi rasa melu kedhuwung.
“Inggih,” dheweke nyawang aku maneh.
“Ah, eman sanget. Dhateng toko sanes mbok menawi kemawon wonten.”
Dheweke gedheg.
“Kala emben sampun kula ubengi, Kepanggih dhateng mriki....Bing, kala emben yatranipun kirang.”
Aku dadi ketarik karo omongane, karo sikepe. Karo critane Riri. Nanging jam gemonthang kaping loro. Toko wayah tutup. Kaya kaget dheweke, mandeng aku.
“Oh......, ” wangsulanku sakecandhake. Anu, makaten kemawon. Seminggu malih boneka ingkang dipun kersakaken punika sampun datheng. Mangke tindak mriki malih kaliyan Riri, kersanipun milih piyambak.”
Dheweke mesem.
“Matur nuwun. Inggih. Mbenjang kula wangsul malih.”
Sametune priya iku, aku diacungi jempol Mas Joko. Aku ngguyu, ngerti maksude.
“Servise yang bagus,” komentare kaya adat saben.
“Pembeli kan raja, Mas Joko,” wangsulanku.
“Ah, ning pembeli siji kuwi istimewa, Dhik Peni.”
“Mmmmmm..., Mas Joko wis tepang karo dheweke?”
“Lho? Dhik Peni apa durung tepung?”
“Durung.”
“Wah. Ketinggalan jaman temenan. Dheweke kan penyiar kesayanganmu.”
“Eh, Tenane, Mas Joko?”
Mas Joko nguyu renyah. Wida lan Yuli kang mara nyedhak melu ngiyani. Aku dadi mbrabak abang. Sebab, aku pancen kesengsem karo swarane penyiar sing dikandhakake Mas Joko iku. Yen bener ngono sing golek boneka Cinderella iki mau jenenge Dino. Lan Mas Joko nyambung maneh nggregetake.
“Kapan Dhik Peni nyaguhi boneka Cinderella-ne?”
“Seminggu maneh.”
“Semingga maneh? Oke dakgolekake temenan.”
“Ah, Mas Joko iki. Aku rak ora ngerti yen dheweke penyiar iku. Ngendikane kae, pembeli kudu diladeni kanthi apik,” aku leruk.
Nanging meneng-meneng, sajroning seminggu iki aku dadi mikir dheweke. Aku mikirake sapa ta Riri iku? Yuli nate kandha dheweke isih single. Ah, persetan! Aku rak mung pengagume wae. Salah sijine pengagume bae.
Mas Joko ora nggorohi. Minggune maneh boneka iku teka temenan. Rambute diklabang loro, warna emas. Embuh saka apa bahane. Nganggo pita bludru abang tuwa. Roke jambon, wirune tumpuk-tumpuk, modhel longdress kang manis banget. Mripate biru, endah. Ora kliru yen Riri menehi jeneng Cinderella. Mung regane, Masya Allah.
“Patang ewu, Mas Joko?” pitakonku.
“Iya, ana apa?” Mas Joko nyawang aku. Aku gedheg.
“Ora apa-apa.”
Patang ewu . aku unjal ambegan dawa. Riri nyuwun boneka sing regane semono kuwi? Apane?
Aku kaget jalaran digetak Mas Joko.
“Hayuh,. Kok njur nglamun. Ora apa-apa. Saumpama dheweke ora sida tuku ya ora papa kok.”
Aku kecipuhan temenan. Pambadhene Mas Joko marang isine atiku bener. Boneka mau banjur dakpajang ana ndhuwur etalase. Ing sisihe dakjejerake boneka asu mawa pita coklat. Ngendikane mas Joko, asu mau pengawale Cinderella. Dakgodha pisan, “Lha tikuse ngendi, waluhe ngendi, labune ngendi?” Mas Joko ngguyu renyah.
“Kretane Cinderella? Ach, ben digawekake dhewe.”
Kanca-kanca ngguyu bareng krungu obrolan ngono kuwi. Ya obrolan ngene iki sing marahi aku krasan nyambut gawe ana toko kene, Toko “Serba Ada” kang cukup gedhe. Tinimbang nganggur yen esuk. Semono uga Wida lan Yuli. Aku bocah telu yen sore isih sekolah. Mas Joko asring nggodha, jarene yen bengi tokone sepi. Amarga widodarine ketungkul karo bukune dhewe-dhewe.
Dina Senen priya iku teka temenan. Tekane wis meh nyedhaki toko tutup. Terus ngener panggonan boneka. Weruh Cinderella, dheweke njegreg, thenger-thenger. Nalika aku nyedhaki dheweke mesem, mbungkuk kurmat.
“Punika ingkang dipun kersakaken?” panyapaku.
“Oh, inggih. Matur nuwun,” gupuh wangsulane. Aku rikuh weruh sikepe sing formil ngono iku. Dheweke nyekel Cinderella. Diiling-ilingi. Banjur didheleng regane. Aku ngira dheweke kaget. Ning ora, praupane ora nuduhake rasa apa-apa. Malah banjur rogoh-rogoh sak, njupuk dhompete.
“Riri kok mboten ndherek?” pitakonku maneh.
“Riri?” dheweke nglirik sethithik.
“Inggih. Keng putra. Mesthinipun remen sanget saumpami boneka Cinderellla punika dipun lengkapi kaliyan kreta lan pengawalipun,” aku ngathungake asu mawa pita coklat.
“Ah!”
Praupane dadi murung. Aku dadi kaget. Dheweke katon cowong tinimbang seminggu wingenane. Oh, apa bener dheweke Dino? Kak Dino? Penyiar kang dakkagumi suwarane? Nanging Mas Joko mungkasi pambadheku.
“Hei, Dino.”
Dheweke noleh. Banjur mesem. Nanging aku weruh,eseme kepeksa.
“Wis tepungan? Dheweke pengagummu. Dino,” kandhane Mas Joko karo nuding aku. Raiku panas dadakan. Mas Joko ngguyu renyah. Nanging Mas Joko, banjur nutugake gawene, sawise ngomong sethithik. Aku ora wani nyawang penyiar iku.
“Oh, inggih ta?” Dino saiki nyawang aku. Raiku sangsaya panas.
“Inggih,” wangsulanku lirih. “Salah satunggaling pengagum suwanten Panjenengan. Pareng ta?”
“Ah! Matur nuwun. Sawijining bab ingkang mboten kula nyana.” Mripate manther. Aku mesem karo nyekel Cinderella. Kothak wadhahe dakjupuk. Dheweke isih ngawasake. Nanging omongane ngagetake atiku.
“Emanipun Riri mboten saget pinanggih panjenengan.”
“Oh. Kenging punapa?”
Dheweke unjal ambega dawa. Mripate bali surem maneh. Sawatara dheweke nyawang Cinderella ing tanganku. Banjur kandhane abot.
“Riri sampun mboten wonten, sekawan dinten kapengker.....”
“Oh!”
“Kala emben, boneka punika kula angkah saget ngiyataken semangatipun nglawan penyakit. Ah, nanging..............”
“Ah, Riri....”
“Inggih. Riri, adhik kula ingkang alit piyambak. Sapunika kedah kula tegakaken.”
Atiku karanta-ranta krungu critane. Dakgambarake boch manis ngemban Cinderella iki, lunjak-lunjak sumringah. Banjur dakgambarake maneh, bocah manis kang nglimpruk tanpa daya ing ranjang, bocah manis kang lucu ijen ing petengan. Oh, mendak sepine.
“Lajeng....punika kagem sinten?” aku takon lirih.
“Kangge gantosipun Riri.”
Aku tumungkul, boneka mau dakkekep. Dumadakan wae, luhku nelesi mripat. Dumadakan bae aku rumangsa kelangan....Riri, kepriye rupane? Aku kelingan adhiku kang isih cilik-cilik ana omah.
“Piyambakipun pancen ringkih. Boneka punika sampun dangu anggenipun ngimpekaken.”
Sawara kang padatan dakkagumi lumantar Radio, saiki keprungu tanpa semangat. Tangane nyekel boneka asu mawa pita coklat. Atiku sumedhot. Swara lirih.
“Punika kula cepakaken kangge Riri. Kula remen sumerep lare ingkang sumringah. Ingkang lucu. Oh, nyuwun duka menawi kula kumawantun nyuwun pirsa kala wau.”
Dheweke mesem.
“Mboten.... kula malah remen, Kula mboten badhe nyelaki kanyatan menawi kula kecalan. Awit sedaya punika mboten saget kita gerba saderengipun.”
Aku ora mangsuli. Boneka Cinderella dakwadhahi kothak, semono uga boneka asu mawa pita soklat. Ing njerone daktulisi Kanggo Riri. Sawatara suwene aku nyawang boneka-boneka iku. Nganti krasa ana tangan ing pundhakku. Tangane Wida.
“Pen kowe dienteni Mas Dino. Diajak niliki Riri sedhela. Kowe rak ora kabotan ta?”
Aku nyawang Wida, nyawang Yuli, nyawang Mas Joko. Banjur aku manthuk. Boneka-boneka ing bungkusan iku dakkekep ing dhadhaku.***

Gang Masjid, April 1977

Panjebar Semangat No. 32 Tanggal 6 Agustus 1977
diambil dari “Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
halaman 16 sampai 24



Materi Kuliah Mahasiswa Smt. VII – SPI - Adab – Suna – Surabaya
Desaku Canggu, 20 November 2012
















































1 komentar:

syifa ifa mengatakan...

cek kumpulan cerkak bahasa jawa
www.kumpulan-cerkak.blogspot.co.id