Minggu, 23 Juli 2023

SASTRA JAWA JATIM TETAP MENGGELIAT

 

GELIAT SASTRA JAWA DI JAWA TIMUR

TIGA PENGGURIT TIGA KOTA

Oleh: Aming Aminoedhin

 

Kini kita telah memasuki bulan Oktober, bulanyang identik dengan bulannya para pemuda. Sebab pada  28 Okotber 1928 lalu, para pemuda kita telah bersumpah: bertanah air satu tanah air Indonesia, berbangsa satu bangsa Indonesia, dan menjunjung bahasa persatuan, bahasa Indonesia.

            Sejalan dengan bulan Oktober merupakan bulan yang selalu mengingatkan kita untuk berbahasa satu bahasa Indonesia, dan sekaligus mengajak untuk berbahasa Indonesia yang baik dan benar,  maka bulan Oktober juga punya sebutan, sebagai  “Bulan Oktober Bulan Bahasa.”

            Berangkat dari persoalan pemuda yang dengan gagahnya menjunjung tinggi bahasa persatuan, Bahasa Indonesia tersebut; dengan berbahasa Indonesia yang baik dan benar. Tapi mereka sebenarnya masih banyak yang cinta pula bahasa Ibunya, bahasa Jawa. Mereka para pelajar tersebut tetap mencintai bahasa Ibu-nya, bahasa Jawa; dengan tetap belajar sastra Jawa. Pembuktiannya jelas, bahwa masih banyak pelajar yang tetap mengikuti lomba-lomba baca dan tulis geguritan, yang notabene berbahasa Jawa tersebut.

Bahasa Jawa, menurut saya pribadi mempunyai kekayaan kosa kata yang ‘luar biasa’ banyaknya. Bayangkan, ketika dalam pohon kelapa, mempunyai penamaan  nama kosa kata yang berbeda-beda sebutannya. Daunnya saja, masih muda, disebut ‘janur’ sudah kering berubah nama ‘ blarak’. Batang daunnya disebut ‘biting’. Bunganya disebut ‘manggar’, kelapanya yang masih muda disebut ‘cengkir’, agak tua sedikit disebut ‘degan’, baru ketika sudah tua disebut ‘kerambil’. Batangnya mempunyai sebutan nama ‘glugu’. Belum lagi, buahnya yang punya sebutan nama, ‘sepet’ untuk kulit buah, ‘batok’ untuk pelapis ‘kerambil’-nya. Dan masih banyak lagi sebutan lainnya.

            Itu semua, hanyalah sebagian kecil dari kekayaan ‘kosa kata’ bahasa Jawa, yang ada dalam satu nama pohon. Belum lagi nama-nama pohon lainnya.

            Sungguh, bahasa Jawa, bahasa Ibu-nya orang Jawa, sebenarnya mempunyai kekayaan kosa kata yang tiada bandingnya. Jika mau jujur, saya sebagai penulis sastra (media Indonesia dan Jawa), merasakan bahwa ungkapan dalam kosa kata sastra Jawa, memang lebih terasa indahnya. Bahkan kosa-kotanya, terkadang sulit diterjemahkan dalam bahasa Indonesia.

            Bahkan di Surabaya ini masih ada dua majalah berbahasa Jawa yang tetap terbit, di tengah gempuran majalah dan koran berbahasa Jawa, serta media-sosial di ranah dunia maya. Dua majalah berbahasa Jawa itu: Panjebar Semangat dan Jaya Baya. Lantas melalui dua majalah berbahasa Jawa inilah yang kemudian sastra Jawa di Jawa Timur kian bertumbuh-kembang hingga sekarang ini. Sastra Jawa di Jatim tetap eksis dan tidak mengalami krisis. Sastra Jawa masih ada.

            Sebagai orang Surabaya dan Jawa Timur, maka haruslah bangga atas dua majalah itu. Lantas kita ikut serta menulis dan membaca, agar kita tak kehilangan ke-Jawa-an kita. Semoga!

            Tulisan pendek ini hanya sekadar mengantarkan beberapa guritan/puisi berbahasa Jawa dengan gagrag anyar, yang akan dimuat di Kempalan.Co kali ini. Adapun penulisnya ada nama: Widodo Basuki ( Raja Guritan Jawa Timur), Aming Aminoedhin, dan Herry Lamongan. Berikut ini guritan-guritan mereka itu:

 

 


 Widodo Basuki, saat tampil baca gurit di Taman Budaya Surabaya. (foto: istimewa).

 

           

Widodo Basuki

MLAYU SAWISE TIBA

 

apa isih bisa mlayu

sawise tiba kanteb tininggal

gegantilane ati lan ilange daya

sajake urip isih kudu terus mlaku

trantanan nguber wektu sisane kekuwatan

sisane pangarep-arep

kang isih sumendhe ing rapalan mantra kang

jeru nalika urip bebarengan

 

yen ta isih ana kalodhangan

terusing laku iki kudu bisa nrima ing takdir

iklas marang jantraning lakon

kang dadi tugas tanpa pungkas

ing wekasane  mbesuk dadi teken estafet

diterusake anak putu

 

yen ta isih bisa mlayu

kudune ora nggape sanggan abot

kang dadi prabote gurit-gurit singingit

saiki ndang gumregah nyangking bokor

ndedonga minangka obor cecolok

aja wedi kang padha alok

 

ayo enggal gumregah obah!

mung iku

mung iku kang bisa dadi wangsulan

ing jaman susah

 

Sukolegok sasi pasa, 2022

 

 

 

Widodo Basuki

PASEKSEN KANG CINATHET

: alm ss

 

paseksen ing  jaman kang cinathet

taun iku ana pageblug mayangkara

jaman kang ninggal

tatu njarem

sadawane patemon lan pepisahan

sliramu sowan ninggal aku

 

daktulis ing birune langit

dakronce ing birune segara

manjing telenge ati

adhi, tresnamu tetep tumanjem jiwa

ora bakal  kedaluwarsa!

 

Titi tentrem, 23 Desember 2020

 

 

 

Widodo Basuki

MANUK NGOCEH TENGAH WENGI

 

manuk ngoceh tengah wengi

wanci sepi Gusti, nangekake

lembaran impen panggugah

murih  madhep dhingkel

pasrah sumarah

iki ing lakon lakune laku

tumuju

 

manuk ngoceh kekeceh rongeh

sangganing jiwa, bungah susah

lara lapa gilir gumanti

mbiyaki alas-alas pangrasa  kang

durung kejamah

 

ah, swara-swara pangoceh

paseksen-paseksen sufi

paseksen jangkah

dadi tipak sejarah

 

Legok, 2022

 

 

 

 

 

Aming Aminoedhin

KORONA DADI LAKON

 

Bener wis dadi lakon luwih saka setaun.

Korona nguber-uber rasa atine manungsa.

Ndhodhog kamanungsan sing jarene

wis bener. Kamangka akeh tenan sing

keblinger. Pranyata mung arupa topeng,

tenane ati lan patrape boleng-boleng.

Bongkeng!

 

Dadi lakon  sak-donya, kanthi ora perlu

kandha-kandha. Kabeh krasa menawa

korona ora mung crita. Iki nyata lan ana.

Kabeh keweden ana unen-unen, pageblug

bakale dawa. Kaya ngamuk saindhenge

jagat raya, angel goleke tamba.

Arep apa?

 

Mula sangu wae donga sing dawa, metani

dhiri pribadi apa ana sing ala. Ngganti

laku lan patrap sing ora genah, digawe

prenah. Lumaku kanthi bener, nuju-prana

sing pener.

 

Mojokerto, 4/8/2021

 

 

Aming Aminoedhin, baca puisi di Tembi Rumah Budaya, Yogya. (foto: istimewa).*



 

 

Aming Aminoedhin

R A M P U N G

 

Ana sing wis rampung, mesthi durung kabeh

bisa kelar. Urip kudu nyebar godhong kara, sabar

sauntara. Iku jare wong-wong tuwa kae, pitutur

luhur iku sing kudu diupakara. Aja nganti

kita kabeh nglalekake pitutur jujur kuwi.

 

Rampung siji mesthi kudu ngudari liyane

sing isih ana, kareben bisa urip sampurna.

Ora digondheli perkara donya sing

bisa gawe sengsara. Ora mung awake dhewe,

nanging uga marang wong liya.

 

Laku urip, jarene Simbah, aja nganti seneng

nggladrah. Apa maneh nganti congkrah.

Mung arep laku kerah-gumerah, ora gelem

padha ngalah. Luwih becik rembugan

kanthi ati, tumuse bakal dadi tetep rukun

olehe seduluran. Luwih apik ora serik

marang liyan, becik maneh gelem weweh

lan weneh. Menawa awake rumangsa duwe

bandha turah, kanthi niyat ngibadah.

 

Ngawi, 9/8/2021

 

 

 

Aming Aminoedhin

LAKON ANYAR

 

Lakon anyar saiki ajeneng omikron, aja

takon tekane saka ngendi. Sing baku

kudu luwih ngati-ngati, mlaku-sakmlaku

kudu tetep prokes. Supaya awak ora bisa

nganti ketularan, lan ora melu-melu

dadi nggreges.

 

Aja uga melu wong-wong sing rada

sembrana, ora maskeran ana njaban omah.

Kuwi mono ora prenah, iki isih jaman

pandhemi. Viruse sansaya gawe giris ati miris.

Jarene jeneng omikron, aja takon wae. Luwih

becik lakonana aturane. Tinimbang mung

mblarah ora genah, apik betah ana omah.

Donga ingkang kathah.

 

Lakon anyar aja mbok sengguh perkara

sing mayar, jarene crita luwih cepet nular.

Mula kudu tetep ihtiyar, aja nganti

melu kena tular. Aja nganti.

 

Mojokerto, 16/2/2022

  



Herry Lamongan, saat tampil baca puisi di Gresik. (foto: istimewa).*



herry lamongan

TITI MANGSA

 

sadurunge jangkep gagat rahina

peteng isih tumpuk undhung ing sanyari bumi

layang rineksa ing tabuh telu, megatruh lamat-lamat

ngukup wewayangan saka suku

duh, banget atis saka kuku

luhku tumetes binarung kumreseke gegodhongan

sansaya atis dening bun parak esuk

 

titi mangsamu, adhi

tinimbalan ijen kayadene nalikamu rawuh

ing pakeliran agung

nir ing bandha dunya nir ing dunya brana

marak seba marang Gusti dening Gusti

sangkan paraning dumadi

 

rah ing sirah lan sarira keseper

jeneng mung jalaran anggonira kondur marang suwung,

pawadane megatruh siningit

kang kawedhar saduruge padhang rahina. sapa nate ana

bakal ora ana, adhi

ora ana dening ana kang tansah langgeng salawase

kang ora malih ora ngalih

 

 

25/10/2018

 

 

herry lamongan

PARIWARA

 

kanthi sakabehing daya lan tenaga

dak gayuh sak akeh-akeh swara

sakakehing kawigaten

dina-dina kemlawe ngeluk ati

ngulir budi kareben sapa sira sapa ingsun

sudi mlebu wuwu, milih

nggambar rupaku

nggambar rupamu

minangka jladren sulaya, rerupan, lan subya-subya

 

dening semaya

paseduluran apadene memitran owah gingsir

dening wengis kekarepan

pranatan karuda paripeksa nepsu

makantar-kantar amrih kuwasa, lan

sapa wus nguwasani sadhengah pasar

mula mbaka sacengkeh

kekancan udhar saka tundhunan

mandar siji-siji madal pasilan

nilar kamuktene sesurupan

rumaketing memitran luhur

 

25/9/2018

Tidak ada komentar: