Selasa, 14 April 2009

SELEPAS PEMILU ITU

aming aminoedhin
KURSI KUWI

sapa ta sing oyok-oyokan kursi kuwi?
apa wis padha lali, dene mbah kerto
pinter gawe kursi

kursi kang dioyok lan dioyak mono
dudu kursi gaweyane mbah kerto
nanging kursi sing bisa kanggo lungguh
ndadekake uripe kukuh

menawa kursine mbah kerto
sembarang dengah wong bisa lungguh
angger gelem mbayar regane
nanging kursi siji kuwi ora sakbaene

kursi kuwi bisa gawe laline pikir
marang kanca lan sapadha-padha
nanging kursi kuwi bisa uga lingsir
ndadekake wong bisa kenthir

Surabaya, 2003



Guritan ini sudah saya tulis 6 tahun lalu, tapi isinya masih saja cocok dibaca siapapun pada saat “Pemilu Telah Berlalu”. Barangkali benar isi guritan atau puisi ini, berebut kursi memang bisa menjadikan seseorang itu jadi “kenthir” alias “gila.” Lantas, apakah kita akan ikut dalam daftar panjang kegilaan ini? Sebuah tanya yang barangkali bisa dijadikan “renungan” selepas pemilu itu berlalu. (aming aminoedhin).

Tidak ada komentar: