CERKAK-CERKAK
PENGARANG SASTRA JATIM
JERIT
BUBAR MAHGRIB
Dening:
J.F.X. Hoery
Sidane
sing diarep-arep teka tenan sawise mahgrib. Mulihe iki sengaja ora
nggawa perlengkapan apa-apa, kajaba glathi kang tansah sumlempit ing
bangkekane. Ajaa ketemu bakul tanggane sing kandha yen dheweke
diarep-arep supaya bali amarga Emboke lara nemen ngono, dheweke ora
ngarah gelem bali. Ya liwat bakul sing ngandhani iku, dheweke banjur
meling yen bengi iku bakal mudhun, sawise nyerahake tugas-tugase lan
aweh pituduh marang wakil lan mitra-mitrane.
“Jare
lara nemen Mbok, kathik katon seger bae?” pitakone sawise mlebu
ngomah lan nyumurupi yen Mboke ora apa-apa.
“Iya.
Cucul-cucul lan ganti dhisik, Har.”
Sing
dikandhani ora mangsuli. Klambi dril ijo sing wis luntur ijone,
diuculi terus dicantholake ing saka. Dheweke terus menyang sumur,
adus. Bubar adus mung nganggo clana lan sepatu. Ora lali glathine
kang tansah sumlempit. Klambine isih cumanthel ing saka.
“Embokmu
kangen banget, Har,” kandhane Bapake sawise padha lungguh ngadhep
meja tengah omah mburi.
“Ngono
kok jare Simbok lara nemen, tak Pak. Kamangka kahanan tambah gawat
ngene. Tenaga lan pikiranku dibutuhake dening perjuangan kanggo
mempertahanake kamardikan sing wis kita kumandhangake,” wangsulane
Hardiyanto.
Lha
yen ora ora takakal ngono, kowe tangeh lamun gelem mudhun. Karodene
kowe ngerti yen kahanan sangsaya gawat ngono, apa isih arep tetep
blusukan terus-terusan turut ngalas?
“Kersane
Bapak?”
“Perjuanganmu
bebasane timun mungsuh duren, Har. Apa landheping pring wuluh sing
mung kairing bedhil-bedhil karaten iku kuwana nandhingi pasukan Landa
sing gegamane sarwa lengkap lan modern? Iku dudu tandhinge, Har.”
“Pak,
kanggone para pejuang ora bakal miris ngadhepi mungsuh senajan nggawa
gegaman kang lengkap. Semangat lan tekad perjuangane putra-putra
bangsa, bakal luwih ampuh katimbang katimbang mriyem-mriyem,
mitraliyur sarta sawernane gegamane Landa.”
“Muspra,
har...muspra! Landa bakal unggul jurite ing payudan iki.”
Hardiyanto
meneng krungu omongane bapake sing mangkono panemu sing kaya ngono.
Kamangka nalika dheweke pamit nggabung kanca-kancane mbentuk Laskar
Tentara Pelajar ndhisik ora mangkono. Panjurung lan pandonga sing
ditampa. Semono uga nalika dheweke tilik mulih telung sasi kepungkur.
Nanging saiki, ya gene Bapake duwe panemu kaya mangkono? Pikirane
dadi judheg. Wong loro isih padha meneng-menengan.
“Wis
rampung kae lho! Nyang mburi mangan dhisik!” Kandhane mboke njedhul
saka lawang pawon. Hardiyanto karo bapake ngadeg, terus memburi
ngadhep meja mangan. Dhasare budhal mau durung klebon apa-apa, dikon
mangan terus bae mlaku.
“Kok
mbeleh pitik barang ta mbok?”
“Pancen
nyawisi awakmu, sawise ndhek emben dikandhani yen kowe bengi iki arep
teka. Bola-bali anggonku melingake, supaya kolwe tilik mulih.”
“Ngono
kok kandhane jare sampeyan lara.”
“Yen
ra ngono kowe mesthi emoh bali. Iku awakmu nganti kaya ngono wis ora
mbok openi, betheke anggonmu katrem mburu kidang sing durung genah
papan grumbule.”
“Mburu
kidang sing durung genah papan grumbule?”
“Wis
ah, mangan dhisik! Mengko omong-omonge, “ pamunggale Bapake.
“Lha
iya, simbok iki lho wong jamane kaya ngene kok ya masak-masakak kaya
ngene!” Kandane karo nyiduk sega.
“Iku
rak kanugrahan ta Har! Waregana, aku ndak-nggawe kopi.”
Sing
dikandhani terus mangan. Nanging pikirane terus ngrambyang, meruhi
kahanane wong tuwane sing adoh banget bedane panguripane laro nalika
dheweke bali telung sasi kepungkur. Saiki jamane saya angel, keamanan
saya gawat lan ekonomi saya seret. Nanging sajake wong tuwane bisa
urip kanthi ayem. Tentrem, lan kepenak. Kamangka mrana-mrana rakyat
padha sesambat angele golek pangan. Kok wong tuwane bisa mangan
sarana turah-turah paribasane, miturut kanan sing diadhepi iku.
Banjur apa karepe mboke, kandha yen kabeh iku jare kanugrahan?
Senajan lagi nengahi mangan enak, nanging rasane ora enak. Dheweke
eling perjuangane, eling tugase mempertahanake kamardikan lan
daerahe. Uga eling marang kanca-kancane sing ditinggal ing nggunung
daerah gerilya, sing mesthine bengi iki nindakakeprentahe supaya
nyusup menyang daerah pertahane mungsuh. Dheweke kesereten, bola-boli
keselak. Kepeksa anggone mangan dirampungi.
“Wis
Har, tinggal bae,” kandhane bapake. Wong loro banjur bali maneh
menyang omah. Hardiyanto kaget, weruh cawisan ing meja.”
“Iku
lho Har, wedange!” kandhane mboke.
“Mbok,......
Pak....! Iki susu lan roti saka ngendi? Jajan-jajan smene iki saka
ngendi?” pitakone Hardiyanto karo isih ngadeg ing ngarep meja,
sedhela nyawang isen-isen
meja
terus nyawang bapake lan mboke genti-genten.
“Mau
rak wis dikandhakake mbokmu ta Har, yen kabeh iku kanugrahan, mulane
kowe takkon mulih.”
“Kanugrahan?
Kanugrahan saka ngendi pak?” Hardiyanto katon wiwit ora sabar.
“Sabar
Har, Sabar. Mau aku rak wis kandha ta, yen sejatine perjuanganmu iku
pindhane timun mungsuh duren.”
“Dadi
bapak lan simbok saiki wis kena pangglembuke mungsuh?”
“Pikiren
Har, aku wong tuwamu. Sawise dakrasakake seprana-seprene, banjur apa
sing diarep-arep saka asile kamardikan? Coba pikiren, uripe dhewe
wiwit jaman Jepang nganti ngancik jamane kamrdikan urip
kaciingkrangan terus-terusan bae. Balik saiki, sawise Landa bali
tekan kene maneh! Embokmu wis ora nate blanja. Susu, gula, beras,
kopi, lan liyane wis meh telung sasi mlaki iki, terus dikirimi saka
tuan van Hendrik.”
“Bapak!”
pambengoke Hardiyanto karo nggebrak meja, krungu kandhane bapake.
Atine tambah getem-getem maneh, bareng krungu jeneng van Hendrik sing
ora liya Komandan Markas Landa ing kuthane. Saiki dheweke ngerti yen
wong tuwane wis kena pangglembuke Landa, lan dheweke dikon mulih iki
ora liya mesthi akale mungsuh.
Mulane
har, kowe becik bali bae.” Mboke nrambul kandhane, trus bacute.
“Tuang
Hendrik arep menehi kalungguhan yen kowe gelem nyelehake senjatamu.
Kaya Daroji kancamu kae, saiki kepenak melu serdadu Landa. Lan sing
kerep mrene diutus tuan Hendrik ngeterake barang-barang iku yang
dheweke. Mula amrih slamete awake dhewe lan amrih kepenakae turuten.”
“Bangsat!
Kurang ajar! Dadi Daroji sing dadi pengkhianat. Yen ngono dheweke
sing mbocorake marang Landa, nganti penyerbuane kanca-kanca gagal,
lan akhire dheweke dianggep ilangb dhisik? Saiki dheweke dadi
gedibale Landa, lan ya dheweke sing bisa ngracuni wong tuwaku?”
Kanepsone Hardiyanto ora bisa dibendung.
“Wis
ta Har, turuten panjalukku!”
“Pak,
jiwa ragaku wis dak tegakake kanggo tumbaling kamardikan.”
Dumadakan
krungu swara sepatu pating ketheprok. Wong telu padha meneng, lan
pandeng-pandengan. Swara sepatu keprungu saya cedhak lan sajak akeh.
Hardiyanto sadar yen ing saroning bebaya. Trengginas dheweke nyaut
klambine kang cumanthel ing saka, mencolot memburi terus nggeblas
metu lawang pawon, nasak petenging wengi. Sing ditinggal mlayu ora
bisa apa-apa, mung pating dlongop.
“Ora
suwe pating jedhul serdadu Landa wis mlewbu njero omah nggawa cucuk
laku Daroji.
“Endi
anakmu Hardiyanto? Wis teka kaya janjimu dhek wingi?” pitakone
pimpinan serdadu sing arep nyergap hardiyanto marang bapake
Hardiyanto saran tembung sing kagok.
“Eh....uu....uu
Durung te...teka Tuan,” jawabe bapake Hardiyanto glogap-glagep
gupuh. Sing wadon ngewel saka wedine, cangkeme kaya disumpeli ora
bisa kanggo omongan.
“Durung
teka? Ah bohong. Iki cawisane sapa?”
“Bener
Tuang, dheweke durung teka. Iki, ....iki....kanggo nyawisi dheweke
yen mengko teka.”
“Kowe
ngapusi ya!” pambengoke pimpinan serdadu Landa iku, karo ngarahake
pucuke sangkur marang bapake Hardiyanto.
“Daroji,
lan liyane coba golekana anjing Republik Hardiyanto, menawa isih
ndhelik ana njeri kene!” daroji lan serdadu andahane wiwit
tumandang ngubres ing njero omah iku. Nanging sing digoleki ora
ketemu.
“Lawang
pawon sing mburi menga, Tuan. Lan ing meja bubar ana wong mangan,
piringe durung dikukuti. Nanging Hardiyanto ora ana,” kandhane
salah sijine serdadu Landa totok.
“Ha....ha....ha.....
kowe ngapusi ya!”
“Ora
Tuan. Sing bar mangan aku dhewe lan bojoku mau saka sumur durung
ditutup.”
“Bohong!
Kokdelikake ana ngendi anjing republik iku?
“Be...”
Durung nganti tutug omongane bapake Hardiyanto, dumadakan, Pyar!....
Sakabehing isen-isen meja ambyar disampluk popor.
“Kowe.....kowe
anjing ngapusi aku ya? Iki sing mbok jaluk?” Prak,....brug!....
Bapake Hardiyanto ditarik terus ditampani sabetan popor, tiba
gumebrug natap lawang terus ora obah. Sing wadon njerit nubruk sing
lanang, Serdadu Landa wis ora maelu panjerite wong wadon sing
blulungan jeir-jerit iku. Padha buyar metu lan ora suwe keprungu
swara pating jedor saka panjebluge senjatane. Landa sing
ngawut-ngawut peluru ing des kono. Swara jerit bubar mahgrib binarung
panjebluging senjatane Landa.@
Panyebar
Semangat, No. 33
Tanggal
16 Agustus 1975.
diambil
dari “Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
Halaman
36 sampai 43
DUDU
SALAHKU
Dening:
J.F.X. Hoery
Kebeneran
banget pas aku oleh giliran penataran, mas Anto prei seminggu. Dadi
bisa ngejak Aniek ana ngomah. Maune wis dadi pikiran bae, kepriye
mengko Aniek yen dak tinggal nganti jam loro sajrone seminggu iku.
Yen dak tinggal ngomah mesakake eyange sing dina keri-keri iki iya
sering gerah. Tujune bae kok mas Anto ya bapake Aniek preine bisa
ngepasi wektu aku penataran, atiku dadi cumemplong.
Kanthi
anane penataran iki, kajaba kanggo peningkatan sarta nguwasani
kurikulum anyar, kanggoku uga pinangka wektu kang becik lan kebeneran
banget bisa ketemu kanca-kanca lawas, sing saploke pengangkatan wis
arang-arang banget ketemu. Kanca-kanca sing biyen saben dina
bebarengan abunemen sepur bakal kumpul maneh sajrone seminggu.
Seneng. Senanjanta sebageyan gedhe wis padha rumah tangga, kepara
sing putri wis padha momong kabeh. Klebu aku dhewe. Gumawang ing
pangangen swasana lan kenangan nalika abunemen biyen. Jam setengah
lima kudu wis siyap ing stasiun Pandangan. Yen wayahe mulih saumpama
wulangane 8 jam pelajaran, kepeksa jam pungkasan ora mlebu aliyas
mbolos mung saperlu kanggo nututi sepur. Marsini, Siti, Tatik, Wiwin,
Naniek, iku kanca-kancaku kang paling raket. Kanca-kanca mau sumebar
ing desa-desa sajroning telung wilayah kecamatan, yaiku Purwosari,
Padangan, lan Kasiman.
Tenan,
dina kapisan mlebu penataran apa sing sing dakgambarake dadi
kanyatan. Kanca-kanca saangkatanku meh kabeh oleh giliran penataran
bareng aku. Bareng padha ketemu, wah senenge nganti katone wis padha
lali yen padha duwe anak bojo. Padha rangkul-rangkulan,
gablog-gablogan lan sapanunggalane anggone ngesok rasa kangen marang
kanca. Apamaneh Marsini bareng ngerti yen aku uga ing bahasa
Indonesia bungahe ora jamak, dheweke nggablogi aku karo kandha,
“Mengko
awor dadi sabangku ya, mbak AR!”
“Iya.
Dhik Yayuk ana ngendhi?”
“Dheweke
oleh bageyan matematika. Piye mbak Ar, Aniek wis bisa apa?”
“Wis
playon, wong umur sepuluh wulan wis bisa mlaku. Malah wis suwe olehku
mareni emik.”
“Lha
ana ndalem karo sapa?”
“Karo
bapake. Kebeneran pinuju prei.”
“Mas
Anto isih ana Cirebon pa?”
“Ora.
Wis pindah ana Geothermal ing Garut.”
Saben
ketemu Marsini mesthi nakokake Mas Anto. Kajaba pancen wis kenal,
pancen dheweke kancaku sing dhisik dhewe ngerti kisahku karo mas
Anto. Kathik pancen hubungane wiwit dhek isih sekolah kaya sedulu
bae.
Kajaba
kanca-kanca saletingku, arang sing tak kenal. Amarga pengangkatan
sangisorku sing akeh saka sajabane Bojonegoro.
Dina
kapisan wis lumaku. Bali dadi murid maneh, lan swasana kaya nalika
ana SPG bali tumimbul ing penataran iki. Aku sida jejer karo Marsini
ing bangku larikan nomer telu. Mburiku wis dienggoni guru-guru putra,
sing sebageyan gedhe durung dak kenal amarga dudu lulusan SPG
Bojonegoro.
Nyandhak
dina kapindho nalika awayahe nyatet, Marsini diulungi kertas sasuwek
saka kanca guru mburine. Bareng kertas dibukak lan aku melu maca,
wong loro dadi mesem. Marsini noleh memburi lan aku nglirik, semu
geli. Kertas mau ditulisi sing muni mangkene:
“Bu
Mar, aku dikenalake kanca sandhingmu iki. Wiwit ketemu wingi aku kok
simpatik. Trims yaaaa....”
Kepriye
olehku ora geli, wong wis pak Guru ndadak kenalan bae njaluk
pearantara. Bubar noleh memburi, Marsini ngingeti aku karo driji
dudinge ditumpangake lambene. Tulisan mau ora dibalesi, Marsini lan
aku terus nyatet pelajaran. Bareng bel ngaso muni, aku diglandhang
Marsini menyang pojok gedhung sisih mburi. Karo mlaku aku takon,
“Sapa
sih Dhik asmane pak guru kancamu mau?”
“Pak
Darmadi. Benne Mbak Ar, ayo dikapokake.”
“Sa
sekolahan ya? Paketan saka ngendi dheweke?”
“Ana
SD Batokan-Dua. Eltheha saka Magetan.”
Aku
wong loro ngguyu bareng. Durung tutug anggonku omong-omongan, pak
darmadi nyedhaki, terus takon Marsini.
“Kepriye,
Bu?”
“Beres.
Tapi kudu ngerti syarat-syarate jaman saiki.”
“Wah,
ngono bae mosok kudu nganggo pelicin?”
“Lha
yen ora gelem mengikuti kahanan jaman ya terserah. Kari milih
kepingin batal apa kasil.”
“Okelah
yen pancen mangkono syarate. Menyang endi, nonton apa Miroso?”
“Karo-karone.”
“Ya
wis beres,” njawab mangkono, Pak darmadi terus nyawang aku. Banjur
kawetu tembunge,
“Kepriye
Dhik, kersa ta?”
Aku
meneng bae, ora mangsuli, kuatir yen salah kedaden. Masiya mung guyon
rak ndrawasi, jer nyatane aku wis duwe anak-bojo. Nanging sajake pak
guru darmadi sing mesthine adhik kelasku iki malah nekad lan kandhane
tetep ora basa.
“Jenengmu
rak Aryati ta, mau aku dikandhani pak Pur. Rak isih single ta. Mosok
meneng bae?”
Aku
tetep meneng bae, lan sajake dheweke grisinen kabukten terus
ninggalake aku, karo kandha marang dhik Marsini.
“Tenanan
lho Bu Mar!”
“Dhik
Mar, mbok dheweke dikandhani sapa sabenere aku iki. Mundhak kisinan
lan mesakake.”
“Bene
Mbak Ar, ben ditutugake. Pancen ana kono sifate iku sing ora
daksenengi. Yen durung ketanggor rak ora kapok, mulane iki kesempatan
sing apik kanggo ngapokake dheweke.”
Wis
telung dina penataran lumaku. Pak Darmadi saya nekad anggone nyedhaki
aku. Malah nalika bel mlebu dheweke gageyan nglingguhi kursine
Marsini karepe arep njejeri aku. Nanging bareng, Marsini mlebu terus
diuring-uring lan Pak Darmadi sidane isin dhewe. Jane aku ya
mesakake, niyatku arep dakblakani yen aku wis duwe anak bojo. Nanging
Marsini tetep ora oleh.
Mlebu
bubar ngaso aku dadi kontring dhewekan amarga buku cathetanku ora
ana. Kamangka mau daktumpuk ing njero laci meja. Marsini daktakoni,
dheweke uga ora ngerti malah melu bingung nggoleki. Daktakokake ngiwa
nengen ora ana sing ngerti. Sidane aku mupus, tujune isih ana buku
kosong liyane. Nanging cathetan sing wing-wingi iku, aku rak kepeksa
kudu nyathet maneh. Nganti mulih buku cathetanku ora ketemu lan ora
ana sing ngakoni nggawa.
Dina
esuke nalika aku mlebu ruang arep ndeleh buku ditututi pak darmadi
karo nyangking buku kandel. Dheweke terus nyedhaki aku karo kandha,
“Iki
lho Dhik Ar, bukumu wis dak salinake ing buku kandel iki. Mengko ora
susah nyatet, daktulisake maneh bae.”
Aku
kaget. Dadi sing njupuk bukuku wingi dhewekwta. Ngono dhek wingi
ditakoni Marsini ora ngaku. Ngono dhek wingi diatkoni Marsini ora
ngaku. Atiku ddi mangkel, pamaneh kathik ngundang aku dhik. Lagi,
umure bae jelas tuwa aku. Masa dhinese ya dhisik. Aku. Aku banjur
setuju banget karo trekahe Marsini arep ngapokake dheweke. Iki kudu
dhendham, mung sawijining pepenget amrih dheweke luwih ngati-ati
ngadhepi bocah putri apamaneh kanca-kanca guru putri.
“Ngono
wingi ana wong kontring kok kendel bae,” kandhaku mbukani rembug.
“Mergane
aku seneng sampeyan,” jawabe mblubut. Aku tambah mangkel. Sidane
aku mantep karo krenahe marsini anggone arep ngapokake. Durung nganti
dakwangsuli maneh, kaselak Marsini mlebu kelas.
“Hayo,
semayan apa iku!” pambengoke Marsini lan Pak Darmadai dhewe terus
metu nglungani.
“Dhik,
tibake bukuku dheweke sing nggawa!”
“Aku
dhek wingi wis ngira.”
Buku
kandel lan buku cathetan dhek wingi dibalekake. Bareng dakbukak, ing
njero ana amplope. Amplop dakulungake Dhik Marsini dakkon mbukak.
Tibake ing njero amplop isi layang katresnan kanggo aku. Kathik isine
terus blaka suta bae.
“Dhik
Ar.
Arepa
kepriye aku ora bisa pisah karo sampeyan. Wiwit ketemu ana kantor
sawatara wektu kapungkur aku tansah katon-katonen bae. Mulane bubar
penataran mengko aku wis sedya arep nglamar dhik Ar. Lan wiwit mengko
yen kodur dakterake.”
Salam
tresna:
DARMADI
“Percaya
ora saiki awakmu Dhik Mar, rak tambah gendheng ta. Coba yen ngene iki
kepriye, wis saiki bae blakanana.”
“Wis
ngene bae saiki Mbak, sampeyan semayani gelem diterake suk pungkasan
penataran lan kudu karo aku barang. Benne ngerti dhewe. Karone aku ya
wis kangen karo Aniek.”
“Ya
wis yen karepmu ngono. Aku setuju, karone yen mengkone dheweke
kisinan ya dudu salahku lho Dhik Mar.”
Tenan,
mulih penataran karepe Pak Darmadi arep ngeterake aku, nanging
daksemayani suk pungkasan penataran bae bebarengan karo Dhik Marsini
barang. Dheweke nampa janjiku iki.
Dina
penutupan penataran mulihe jam sewelas, amarga acarane pancen mung
penutupan bae. Pak Darmadi sida tindak omahku. Aku sepedahan
dhewekan, dene Pak Darmadi mboncengake Dhik Marsini. Ing dalan wong
telu ora pati akeh jejangongan. Batinku sejatine ya ora kepenak lan
mesakake Pak Dar.
Marang
mas Anto kabeh mau dakcritakake, kepara layange barang diwaos Mas
Anto. Mas Anto mung gumujeng bae, amarga kedadeyan ngene iki ora
pisan pindho.
Biyen
wis nante kancane mas Anto ngira yen aku iki adhike Mas Anto. Aku
ditembung menyang Mas Anto jare arep dipek. Mas Anto kepeksa gumuyu
lan dikon kandha dhewe, nanging durung nganti kandha wis diomongi
kancane yen aku dudu Adhike Mas Anto, nanging bojone. Tibake saiki,
sawise aku duwe anak siji, isih ana maneh sing kecelik. Sepisan maneh
iki dudu salahku.
Tekan
nglatar keprungu swarane mesin ketik, kang ora liya mesthi Mas Anto
ngrampungake naskah-naskahe. Aku ngebel karo mudhun saka sadhel.
Krungu swara bel sepeda, Aniek mlayu metu karo bengok-bengok.
“Ibu
awuh.... Ibu awuh, ..... Apaaakkk, Ibu awuh.....”
Aniek
nubruk aku, Mas Anto nututi metu saka kamar kerjane. Marsini mudhun
saka boncengan terus ngrebut Aniek sing dakbopong, diciweli pipine
karon disun. Aku nyawang memburi katon Pak darmadi kaya wong bingung,
ndomblong lan praupane katon mbrabak.
“Mangga
Pak, pinarak. Dhik Mar, Pak Dar diaturi ta, kok ditinggal.”
“Eh,
iya, mangga Pak Dar!” pangajake Dhik Marsini. Mas Anto metu ngerti
ana Dhik Marsini banjur mbagekake.
“Oh,
Dhik Mar, kadingaren. Nganti Aniek wis playon lagi tindak mrene
maneh.”
“Kenalke
Mas Ant, kancane Dhik Mar.”
“Oh,
mangga...mangga pinarak.”
Aku
ndhisiki mlebu ngomah terus nata kertas-kertas tik lan nata
majalah-majalah basa Jawa sing mblangkrah ana meja, ketoke bar nggo
dolanan Aniek. Pancen majalah-majalah basa Jawa kang dadi pasrene
omahku.
Wong
papat banjur padha lungguhan, aku karo mangku Aniek kang lagi
ngedhot. Pak Darmadi ora pati ana guneme, kapara akeh menenge lan ora
wani nyawang aku. Senajan aku karo Marsini nggawe suwasana biyasa,
nanging Pak darmadi katon sajak nanggung rasa isin.
Nganti
pamitan Pak darmadi ora akeh omongane ora kaya dhek ana penataran.
Embuh ana ndalan utawa ana sekolahan sesuk, Marsini dikapakake dening
Pak darmadi. Aku melu ngrasa mesakake marang Pak darmadi sing
digambar Dhik Marsini. Nanging kabeh iki rak dudu salahku. Senajan
mangkonoa aku karo nguntapake tekan ndalan isih mbukani rembug.
“Aja
kapok tindak gubugku lho, Pak Dar.”
“Inggih,
matur nuwun,” jawabane malih basa terus melahi sepedhahe sawise
Marsini ngamplok ing boncengan.
(Jaya
Baya Nomor 45, Tanggal 12 Juli 1981).
Diambil
dari buku “Banjire Wis Surut” kumpulan crita cekak, anggitane
J.F.X. Hoery), halaman 45-53).
DONGENG
Dening:
Djajus Pete
Ing
alas ana kethek lanang sing lagi tapa.... Ora mangan ora turu nganti
awake kuru lan mripate cowong. Weruh mangkono ana Dewa sing welas.
Dewane mudhun, nakoni kethek iku. Duwe pepenginan apa kok nglakoni
prihatin kaya mongkono?
“Anu,
Dewa, kula pengin dados tiyang lan mimpin tiyang saknagari,”
mangkono semambunge ibune Abi ndongengi Abi wayah ngarepake turu.
Karo
mbenakake kemule Abi, Ibune mbacutake dongenge yen Dewa bisa
minangkani kekarepane kethek kanthi mbalangake barang cumlorot sing
adoh parane. Barang cumlorot iku ceblok dadi sendhang ing tengah
alas, arane sendhang Anyar. Banyu sendhang bening kincling
lerap-lerap. Kethek dikon kungkum ing sendhang kono rambah kaping
pitu. Adus sepisan, wulune sing dhiwut-dhiwut ilang kaya dicukur
resik. Adus maneh, ilang rai ketheke, malih dadi rai wong.
“Buntute,
Bu?”
“Buntute
suwe-suwe ya ilang bareng adus maneh. Sawuse adus kaping pitu kaya
welinge Dewa, awak sakojur jibles wong,” wangsulane karo nyawang
jam tembok.
Jam
sanga persis, wayahe Dunia Dalam Berita ing TV. Nanging TV-ne ora
diuripake. Lagi arep disetel mengko sarampunge siaran berita dunia,
nonton sinetron.
Bacute
dongeng, katrima anggone dadi wong menangan lan bisa ngalahake Ratune
negara. Terus dheweke nggenteni dadi Ratu. Dhasar gagah, isih enom,
katon ngengkreng mibawani. Kepenaking uripe dadi ratu uga dadi
senenge kethek-kethek balane sing ana njero alas. Kajaba
kethek-kethek iku diayomi keslametane, saben dina Ratu Anyar iku
ngirimi pangan sak truk menyang alas. Sing dikongkon ngeterake
prajurite sing bisa nyopir, Dikirimi sawernane buah-buahan, Sawernane
roti lan sega salawuhe, komplit tekan ombene.
“Ngombene
banyu sak drum, Bu?”
“Ora,
wong Ratu sugih. Ngombene Aqua, Susu Kothak, Teh Botoh lan Sprite,
kaya sing didol ana warunge Lik In kuwi,” wangsulane Ibune karo
nggleges.
Segane
dibungkusi, lawuhe werna-werna, endhog, iwak, daging, pindhang.
Wong-wong tani seneng marang Ratu Anyar iku merga wis ora ana
kethek-kethek sing ngebyong nyolongi tanduran bareng wis dicadhong
pangan saben dina.
Tekan
kono dongenge Ibune rampung. Sarana dongeng iku Ibune butuh ndhedher
semangat ing atine bocah, yen sapa bae bisa klakon panjangkane waton
kenceng pangudine. Kewan bae bisa keturutan kekarepane, apamaneh
wong, ngono tembunge Ibune.
“Uler
kae yang ngono. Nglakoni prihatin kepengin dadi kupu. Suwe-suwe ya
keturutan, bisa mabur. Mulane kowe ya kudu sregep sinau lan ndonga
supaya keturutan cita-citane. Suk pengin dadi apa yen wis gedhe?”
“Dadi
tentara. Nembak, thor...thor...thor....!” wangsulane Abi sing klas
siji SD, kelingan tentara nembak-nembak ing TV.
“Kethek-kethek
sing nyolong tanduran ya tak tembak, thor....thor....thor.... Mati.”
“Ketheke
wis ora nyolong tanduran wong wis wareg dicadhong Ratune.”
Nanging
Abi terus ngecipris ngandhakake dongenge Bu Guru ing sekolahan
ngenani kethek. Gurune nyritakake yen wateke kethek iku ala, srei,
urikan, seneng ngapusi lan gelem nyolong ora uwis-uwis. Kethek yen
weruh apa-apa mesthi diambu dhisik. Yen ambune seger, njajal
diincipi. Yen enak terus nggetu dipangan nganti entek. Saka watege
sing seneng ngambu-ambu iku njalari kethek akeh nemokake panganan.
Apa-apa arep, apa-apa doyan. Kancil sing ora bisa menek uga tau
kongkonan kethek supaya menekake gedhang mateng ing uwit. Kancile
mung uman kulit sing diuncal-uncalake kethek mengisor.
“Nek
aku dadi tentara, Kancil takewangi. Ketheke tak tembak, thor, thor,
thor...!” semambunge Abi sigrak karo ngacungake tangane kaya
nembak-nembak.
Ibune
seneng krungu rembuge Abi sing lucu. Nanging Ibune ya anyel yen Abi
ora turu-turu. Yen njaluk ditunggoni terus bisa keganggu enggone arep
nonton sinetron. Dikeloni, diisik-isik sirah lan gegere, bocahe isih
klisikan.
Lagi
bisa ditinggal sawise nglepus. Kemule dibrukuti amrih anget awit
hawane rada adhem. Ibune nonton TV, Abi nonton impene.
Ngimpi
weruh buah-buahan saktruk diudhunake ing pinggir alas. Kethek-kethek
gumerah rame pating crenguk lan pating cruwet. Akeh sing ora sabar,
pating clingkrik munggah truk lan ana sing kerah rebutan buah sing
paling gedhe. Prajurit sing nyopiri truk leren ngisis ing ngisor wit
sawise ngudhunake krenjang-krenjang pangan momotane. Apel, jeruk,
jambu, mangis, salak, rambutan, sawo, anggur, gedhang, roti-roti lan
sega-sega bungkusan pepak saombene.
Ana
wong ngemis lanang wadon kemecer weruh panganan mumbruk. Arep melu
njupuk ora wani, wedi yen dikrayah kethek sing pating pringis kaya
ora kena disanak. Kepeksa nembung marang prajurit sopire sing
jedhal-jedhil rokokan sendhen wit.
“Pak
kula nyuwun sekule niku, Pak. Mang pendhetake kalih bungkus mawon.”
“Piye
unimu?! Kowe mrentah aku?! Takbedhil pecah ndasmu!” wangsulane
prajurit mendelik mripate.
Sing
disengap ngibrit nyingkrih karo nggeret sing wadon saka wedine. Abi
nututi lan ngandhani yen ora kabeh entek dipangan kethek. Akeh sisa
pangan sing mblader. Ana sing kalong separo lan akeh buah sing lagi
dicakot sethithik terus dibuwang saka akehe p0angan sing cumepak
tanpa kangelan. Yen truk lan kethek-kethek iku wis lunga, sisa pangan
bisa digreseki kena kanggo tamba luwe yen doyan, ngono tembunge
nyandhet wong ngemis diakon sabar sawetara.
Abi
ora seneng karo prajurit sing galak iku. Nanging Abi ora ngerti,
geneya marang padha wonge muni arep mbedhil. Yen marang kethek
tangkepe kok malah apik, semanak. Ana kethek sing nrucak munggah
menyang pundhake mung dietogake. Ana kethek sing ngeret-eret topine
uga diumbar wae. Malah diajak guyon, topine dienggokake ing sirahe
kethek.
Prajurit,
sopir, sing isih gojek karo kethek-kethek dadi gugup lan nata
panganggone bareng weruh sedhan ireng gilap kaiiring truk kebak
prajurit. Ratu Anyar mudhun saka sedhan kaya kepengin nyipati senenge
kethek-kethek dikirim pangan.
Marang
ratu, Abi madulake tangkepe prajurit sing kasar arep mbedhil wong
ngemis. Papane wong ngemis diduduhake, kena ditakoni yen ora percaya.
Karepe Abi, supaya prajurit iku diseneni.
“Kowe
anake sapa kok kendel omong. Isih bocah kok wis wani nyaruwe wong
tuwa. Sapa sing mulang kowe?”
Abi
mangkel, enggone wadul ora digape malah dheweke sing diurus tekan
wong tuwane. Mula Abi kepengin males kanthi mbukak wewadine Ratu iku.
“Kowe yang Ratu sing asale saka kethek tapa, diewangi Dewa.”
Sing
kedumuk mbrabak abang. Lambene kumedhut nandhakake yen nesu banget.
Tanpa diprentah, prajurit satruk gage tumandang. Nanging Abi wis
njrantal mlayu mblusuk alas ketel, kesusu swara tembakan”
thor...thor... thor....! Swara siyute mimis liwat ndhuwur sirahe.
Playune saya dikebat, banjur ndhesel ing grumbul kandel karo
ngasokake napase sing krenggosan. Merga ing sandhinge ana swara
kethek pating kruwek kaya nuduhake pandhelikane, Abi mlayu maneh
luwih adoh tekan pinggir sendhang sing banyune butheg angganda
banger.
Apa
iki Sendhang Anyar sing dicritakake Ibuku? Ah, mesthine dudu. Jare
Ibuku Sendhang Anyar banyune bening kincling. Iki butheg kaya
peceren, ngono batine dhewe mbantah karo niling-nilingake swara lan
nyawang mubeng. Kuwatir yen ana glibete prajurit nguber dheweke.
Abi
gage ngumpet weruh kledhange Ratu marani sendhang dietutake prajurit
loro nyangklong bedhil tholang-tholang. Atine saya trataban awit Ratu
sing terus cucul panganggo iku ora adoh karo papane ndhelik. Abi saya
nyekete ing njero rerungkutan, nyawang sapari polahe Ratu tanpa
kedhep liwat sela-selaning kekayon.
“Biyen
aku nate adus ing Sendhang Anyar iki ambal kaping pitu. Suweku adus
nganti kaping pitu njalari suwe anggonku dadi Ratu. Aku arep adus
maneh kaping pitu.” Grenenge dirungu cetha dening Abi.
Ratu
ambyur kungkum ing sendhang. Kaya ora nggagas marang butheg bangering
banyu. Malah slulup-slulup katon seneng. Prajurit sing nunggu padha
njumbul weruh Ratu sesembahane malih kethek tuwa dhiwut-dhiwut.
Senajan mangkono isih bisa nggetak prajurite supaya ora ngowoh terus
nyawangi dheweke.
“Iki
Sendhang Pangalapan. Dhangkane dhemit ngganggu gawe aku, nganti aku
disikara kaya ngene,” tembunge golek samudana, golek tiban
nyalahake liyan.
Tembung
mengkono iku emoh diarani yen alaning rupane saka kecemplung dening
kaluputane dhewe. Kadereng saka kepengine dadi Ratu salawas-lawase
nganti pandelenge sing wis lamur ora bisa membedakake bening
butheking banyu sing dicemplungi. Wis kebacut dadi lakon, kaya wis
ginaris dening kersaning Hyang Manon. Senajan mengkono atine meksa
angluh nganti suwe anggone thenger-thenger. Lagi kumecap maneh bareng
prajutite ajak omong.
“Lajeng
kados pundi kersaninpun?”
“Aku
arep ngaso ing guwa. Jaganen rapet lawang guwa karo kanca-kancamu,
aja nganti ana wong sing nranyak mlebu,” tembunge mutusake ndhelik,
emoh yen anggone kewirangan dadi tontonan.
Kaya
wedi yen selak kaweruhan wong akeh, gegancangan tilas Ratu mlebu
guwa, diiringi prajurit siji. Prajurit sijine terus nggoleki
kanca-kancane diajak pacak baris njaga lawange guwa. Marga ana ayahan
sing luwih penting kanggo njaga keslametane tilas Ratu. Abi sing
durung kecekel wis ora diburu. Lagi Abi wani metu saka pandhelikane
sawise aman. Niyate arep mulih, durung nganti metu saka alas, Abi
weruh wong gemrudug pating braok mlebu alas. Padha nesu, mbengok
misuh sauni-unine nggoleki tilas Ratune karo nyawati kethek-kethek
kang ndhelik ndhepipis ing pucuk-pucuk uwit.
“Goleki
ing njero guwa, aku ruh! Ndhelik ing njero guwa, aku ruh!” bengoke
Abi ngandhani. Banter anggone mbengok kaya nglindur njalari Ibune
sing nonton TV nggugah.
Nanging
Abi wis lali sawutuhe impene. Elinge kari mblenyak-mblenyak,
pedhot-pedhot, kaya barang pecah kang wis ambyar angel
digathuk-gathukake endi sambungane.
“Ah,
apa iya?” Ibune nggleges. “Mangka dongenge Ibu wis rampung ki.
Ing dongeng kethek isih dadi Ratu kok.”
“Ora,
Buk. Tenan, aku ruh.”
Jaya Baya, No. 1 Tanggal 5 September 1999.
diambil
dari “Blangkon” Kumpulan Crita Cekak PSJB, halaman 76-83
BEDHUG
Dening:
Djajus Pete
Bedhug
masjidku swarane kepleg. Pangiraku, olehe kepleg kuwi merga kayu
klonthongane bedhug kurang gedhe. Garis tengahe klonthongan 70
sentimeteer, dawane ora ana semeter. Kelingan yen ing kuburan ana wit
jati gedhe, aku banjur rerasan karo lurah Bakir. Wose setengah usul
yen dianggep prayoga, apa jati gedhe ing kuburan iku kene dianggo
ngganti bedhug?
Lurah
wangsulan yen arep ngrungok-ngrungokake luwih dhisik awit sing duwe
jati iku masyarakat. Yen masyarakat sarujuk lan takmir masjid mathuk,
Lurah lagi nganakake musyawarah antara LKMD, tokoh masyarakat, takmir
masjid, lan alim ulama.
Saka
senengku duwe gagasan digatekake, gage tak kojahake marang lik merbot
Khomad. Lik Khomad sing omahe cilik sedhak masjid iku paklikku cer.
Wiwit taun 1960 lik Khomad enggone dadi merbot. Ayahane merbot
kejabah kuwajiban nabuh bedhug minangka tandha tekane wanci sholat,
uga reresik njeron masjid tekan sakupenge pekarangan. Mbukak nutup
lan ngisi kolah.
Mesthine
lik merbot seneng duwe ponakan kaya aku sing gelem mikir kanggo apike
masjid. Nanging sajrone aku kojah ngethuprus, lik merbot kaya ora
butuh nyelani. Aku mung diingeti wae. Sarampunge kojahku, lik merbot
lagi kumecap.
“Ckk,
ora susah diganti. Bedhug iki wis apik,” wangsulane tanpa greget.
“Kepleg
ngonten kok sae.”
“Ckk,
iku rak kupingmu sing ndleya.”
Mangkel
aku, malah kupingku sing diluputake. Ajaa ora sungkan, aku kepingin
balik nudhuh nganggo nalar sing genah. Apa ora lik merbot dhewe sing
wis suda pangrungone?
Nalare
maton, patut saumpama wis suda krungon, awit kejaba umure wis 50 taun
munggah, dhasare kulina brebegen bedhug kang ditabuh sasuwene dadi
merbot 30 taun lawase.
Mangkel
aku, kupingku waras-wiris dielokake ndleya. Nanging merga aku isih
bisa ngurmati wong tuwa, mula tembungku isih tak gawe sareh. “Sing
mastani kepleg niku sanes kula dhewe, Lik. Kathah tiyang celak-celak
mriki sing mastani ngonten.”
“Wiwit
madege masjid iki, bedhuge ya kuwi. Rung tau ganti. Yen bedhug iku
ora apik, mesthine wis diselehake.”
“Sampeyan
wastani sae rak mergi sampeyan dhewe sing nabuh. Nggih banter ta,
wong mireng sampeyan king celakan. Cobi sampeyan mirengaken king
tebihan. King kidul mriku mawonlah, mboten sah tebih-tebih, mengke
ra....” durung tutug rembugku, lik merbot terus nglungani, ninggal
aku ijen ing buk regoling pekarangan masjid.
Lik
merbot nguripake mesin sanyo, nyedhot banyu saka sumur disekake
menyang kolah. Mesin sanyo iku tukon saka dhuwit batuwane pemerintah.
Masjidku antuk bantuwan dhuwit puluhan yuta engga gelare masjidku
malih gedhe ngengkreng.
Jobin
sing maune bata warasan, diganti tegel traso gilap, digelari karpet
ijo. Serambine nggantheng dibangun tingkat. Khubah makuthane saka
semen kang kukuh, digempur, diganti khubah alumunium gedhe mblendhuk.
Samubarange
wis dibangun. Emane isih ana sing kesingsal, prakara bedhug cilik
kang swarane kepleg kuwi. Geneya ora ana sing ada-ada ngajak ngganti
bedhug gedhe kareben swarane ulem ngumandhang?
Karepku
apik, urun pikiran, ngamal gagasan. Lha kok malah ditanggapi nylekit
dening merbot. Nanging lik merbot ora mbantah ora nulak nalika katut
diundang musyawarah. Wangune lik merbot wis bisa nggagapi yen kabeh
bakal sarujuk bedhug diganti.
“Leresipun
sampun dangu anggen kula kepingin nawaraken jatos menika kangge
sarana tempat ibadah. Soal bagaimana bedhug menika dibikin, kula
sumanggakaken dhateng pihak takmir masjid ingkang langkung mangertos.
Biaya negor sampai mengeluarkan kayu dari kuburan saya tanggung,”
tembunge lurah bakir sajak mongkog.
Gela
atiku krungu temunge Bakir karo ora jujur iku. Kudune Bakir pratela
yen gagasan ganti bedhug kuwi saka usulku. Idhe gagasanku malah
dirampas tanpa rikuh pakewuh. Saka gelaku, aku kebacut wegah melu
caturan. Sekdes Desiran sing keprungu semaut, kandha nyumbang seket
ewu kanggo ongkos tukang.
“Wacucalipun
kula tanggel,” semaute Haji Mas’ud, pedagang palawija.
“Alhamdulillah...
Jaza kumullohu. Mugi amal panjenengan sedaya pikantuk piwales
langkung kathah saking Pangeran,” puji dongane Akmal Sholeh, ketua
takmir masjid.
“Lajeng,
ingkang sae kadamel bedhug menika wacucal manapa pak Merbot?’
pitakone haji mas’ud mengo menyang pernah lik merbot kang lungguh
mencil ing larikan kursi mburi dhewe.
“Ah,
kula menika namung sadermi nabuh.”
“Ya
aja ngono. Iki ngono musyawarah kanggo mufakat. Golek giliging rembug
gathuke panemu,” tumanggape Akmal Sholeh.
“Kula
kuwatos badhe mungel wacucal anu menika sae. Kadhung digega, mengke
nyatanipun gek mboten sae. Ungelipun gek awon, gek mboten saged
banter ngumandhang.
Lah,
pripun....rak kula mengke ingkang dipun paido tiyang kathah,”
semambunge lik merbot.
“Umumipun
ingkang dipun damel bedhug menika wacucal lembu. Sae, ungelipun saged
bening. Menawi saking wacucal maesa, awon, ungelipun sok kebluk,”
aloke lik merbot.
“Jangan-jangan
lulange gek kendhor niku. Saka nggonku kana ya blas gadhas ndhak
jelas ki, swarane. Bleg, bleg, ngono. Kadhang krungu, kadhang ora,”
semaute lurah bakir kang mimpin musyawarah ing pendhapaning omahe,
wayah bubar Isya.
Dohe
omahe Lurah Bakir saka masjid watara 300 meter. Isih cedhak omahku
saka masjid, kurang saka 200 meter. Merga omahku cedhak masjid, aku
kerep ndeleng panggarape bedhug anyar kang digarap tukang ing
ngiringan masjid.
Tukange
loro. Siji nggarap klonthongan, sijine nggarap jlagrag tumpangane
bedhug. Putusaning musyawarah, bedhuge ora dipapanake gumandhul kaya
bedhug lawas, nanging ditumpangake kaya sumelehe kendhang gamelan.
Lulang sapi bakal raining bedhug sumbangane Haji Mas’ud wis cepak.
Kuciwane
panggarape bedhug kurang rancang awit tukange kerep ora menyang.
Malah antarane lurah bakir lan Anwar Ali kedadeyan kemreseg. Karepe
Anwar Ali nembung sisa kayu arep dienggo sulam blandar payon kolah.
“Kok
tekan blandar kolah barang. Itu kan tidak katut diprogram,”
wangsulane ditirokake Anwar Ali marang aku. “Blandar sepinten, wong
ming alit mawon kok. Wit jatos sementen agengipun mongsok sisanipun
sampun mboten wonten. Taktakoni ngono ki, ndadak makpendelik.....,
prempeng, nesu-nesu. Lho, bicaramu kok seperti ngoreksi saya. Aku
dielokeke ngono.”
“Takonmu
ngono. Ya makcos! Wong sisane kayu sing keri ing kuburan wis embuh
parane diangkut pedagang.”
“Aku
ki ra krungu maune. Karo isih prempal-prempul njur kandha yen sisane
kayu wis diedol atas musyawarah LKMD kanggo kebutuhan desa.”
“Iku
rak unine. Kepala SD-ku rak ya pengurus LKMD. Nyatane kok ya
kresah-kresuh ora ngerti playune kayu,” tembungku.
“Karepku
ki rak mumpung isih ana tukang. Kena diselag ngganti blandar payon
kolah sing dipangan rongos. Saiki tukange malah kerep lowok. Ning ya
ora nyalahke tukange wong olehe nukang iku kanggo ngingoni
anak-bojone. Yen ana sing nganggokake baune, sing kene ya ditinggal.”
Tukange
kang suwe ora ngaton, ditemoni Akmal Sholeh lan lurah Bakir. Malah
saka karepe Lurah, ditambah tukang ukir. Anane Bakir gedandapan
nyengkakake tukang jalaran ana sambunge karo enggone mentas dipriksa
Sospol lan Irwilkab.
Pancen
ana sing kirim surat kaleng marang Bupati, prakara sisa kayu kuburan
sprapat kibig. Sing nyurat kaleng iku benere kepala SD-ku. Ukarane
disusun bareng karo aku ing tengah wengi.
Anwar
Ali sing ora ngerti kenthang-kimpule, misuh-misuh ketiban awu anget.
Kandha marang aku yen dheweke diambu-ambu Bakir. Dirasani sing
akal-akal ngaleng mendhuwur. “Ngawur tenan. Kok njur
digothak-gathukake karo enggone mentas kemreseg karo aku. Bakir rak
mentas didhuni Sospol, dipriksa ing kantor kecamatan.”
“O....ya,
ya, piye,piye,” panyelahku manthuk-manthuk kaya lagi krungu kasuse
Bakir dipriksa.
“Jare
wong kecamatan, Bakir ditekan supaya mbantu bisane bedhug iku enggal
dadi.”
“Lho,
lho! Menggoke kok nyeklek menyang perkara bedhug. Kasuse rak
penggelapan kayu jati.”
“Jare
merga bedhug ukuran raksasa, ngiras kena dipamerake Bupati sing arep
Jumatan kliling mrene.”
Panggarape
bedhug disengkud, dilembur-lembur. Eling-eling asale saka idheku,
mareming atiku ora kayaan weruh dadine bedhug. Garis tengahe 120
senimeter. Dadi bedhug gedhe bregas. Klonthongan lan jlagrage diukir
ngrawit, diplitur meleng-meleng.
Wiwite
arep digunakake kanthi ngadhani tumpengan panggang buceng telung
ambeng. Dikepung ing serambi masjid. Tumpenge diangkah rampung wayah
tabuh Magrib kanthi nganyari swarane bedhug gedhe iku.
Bedhug
anyar klakon ditabuh Akmal Sholeh. Aku njombak krungu swarane sing
mleset saka panganenku. Lurah Bakir uga katon mlenggong. Sawetara
perangkat desa lan tokoh masyarakat kang diundang uga mlengok gumun.
“Weh,
lha kok gini. Bedhug gedhene sahohah kok ya nggedablug. Iki apane
sing kurang sip. Padahal sesuk kuwi pak Bupati arep Jumatan keliling
mrebe,” guneme Bakir karo ndemek-ndemek bedhug gedhe.
“Napa
angsale Jumatan keliling pak Bupati niku kalih mreksani bedhug-bedhug
ta, Pak?” ana swara nyangkal njalari polatane Bakir malih rengu.
Bakir
nyawang mider menyang pernahe santri-santri enom kaya nggoleki
asaling swara. Nanging Bakir ora bisa ndumuk sapa sing mentas clebung
mengkono mau. Sateruse Bakir grenengan, “Iki ing njero masjid lho.
Yen guneman sing apik. Aja sengak-sengak. Dosa.”
Sawenah
pengurus takmir masjid ana kang banjur cluluk, supaya swarane luwih
apik, njero klonthongan dipasang benthangan pir loro utawa telu
kanggo getaran suara. Pire bisa digawe saka kawat bias, diluker-luker
kaya pir.
Saka
anane gunem kang dianggep ngerti marang akal carane gawe bedhug,
njalari Bakir adreng prentah marang Akmal Sholeh supaya bedhug iku
dibongkar.
“Rumangsaku
wis apik swarane,” ujare Akmal Sholeh.
“Eh,
apik piye. Gung marem. Apike dibongkar saiki wae. Ora nubyak-nubyak.
Sempit wektune yen sesuk lagi dibenahi,” wangsulane Bakir.
Akmal
Sholeh sing kulina grudag-grudug karo Bakir wekasane manut. Pantek
kayu nyrangap kang maku ngencengi ubenge lulang dicabuti santri enom.
Rai bedhug dicopot sasisih. Bakir cucul dhuwit kanggo tuku kawat
menyang toko ngarep pasar.
Perkara
oleh berkat, akeh sing terus mulih. Mengkono uga aku. Mula aku ora
ngerti sateruse, dilembur tekan jam pira bendhug anyar kuwi.
Sing
tak rungu sabanjure, wayah Subuh atiku kaget ngungun krungu swarane
bedhug banter ngongang kuwara nggeterake atiku. Sarandhuning awakku
krasa mrinding.
Swarane
empuk ulem kaya ndudut, kaya nggeret-nggeret atiku. Notolku kepingin
mara ora kena tak candhet. Ora sabar aku metu kemulan sarung, tanpa
srandhal. Lurung dalanku peteng, jemek cemer mentas udan. Lakuku
kepleset-pleset. Cenunukan. Mendhunge isih nggameng. Hawane atis
kemreyes. Lambeku cethatuken.
Masjid
sepi.
Sikilku
gembel blethok.
Aku
ngadeg ing ngarep serambi masjid. Weruh lik merbot mentas wudu, aku
aruh-aruh, “Lik, lik merbot.”
Lik
merbot nyawang pernahku ngadeg. Epek-epeke ditungkulake ndhuwur
mripate, kaya ulap kena sunaring lampu.
“Kula
mireng swanten bedhug ulem ngumandhang, Lik. Swantene bedhug enggal
ta niku wau?”
“Bedhug
lawas sing taktabuh.”
“Ya
Allah...! panguwuhku kaget. Bedhug anyar tak weruhi isih njegadhah
ing ngisor kaya nalika diundhunake sore mau. Gedhe ngedhangkrang,
mlompong tanpa rai. Raining bedhug kang dicopot sasisih durung
dibenakake.
Sikilku
gemeter.
Mripatku
kekembeng.
Atiku
nangis, nangisi awakku, nangisi uripku kang isih uncla-unclu ing umur
40 taun.
“Mlebua.
Wisuhana sikilmu kang rusuh kuwi. Paklik melu bungah kuping atimu wis
bolong, kowe wis ora sengsem marang swara bedhug,” tembunge lik
merbot njalari atiku saya ngondhok-ondhok.
Ya
Allah, Ya Robbi.
Mripatku
saya kekembeng. Eluhku ora kena takampet. Aku menyang kolah karo
ngeling-eling urutane wudu lan dongane wudu. Ana kopiyah nganggu
cumanthel cagak. Lik merbot ngulungake kopiyah iku marang aku. Jamaah
Subuh, lik merbot sing ngimami. Makmume ora akeh, mung wong wolu.***
Panjebar Semangat No. 19- 10 Mei 1997
diambil
dari buku“Kreteg Emas Jurang Gupit” Kumpulan Crita Cekak Djajus
Pete, hal. 1-8
ING
KENE ANA CAHYA
Dening:
Sri Setyo Rahayu
Esuk
srengenge wis dhuwur. Bocah Taman. Bocah Taman Kanak-Kanak nol-kecil
wis mulih. Nanging, Widuri isih durung mingket saka diapne. Mripate
tumancep menyang jendhela, nembus gorden kuning ing kono. Katon
langit kang biru sumilak resik ing antarane pang-pang lan
godhong-godhong pelem. Ana manuk sajodho kang pencolotan,
oyak-oyakan, swarane pating crowet.
Widuri
nyawang kanthi sumringah. Ora krasa tangane diangkat, banjur drijine
obah ngetheti. Dheweke biasa ngetheti bethete bu Mitro, tangga sisih
wetan kuwi. Ning wis luwih seminggu iki dheweke ora weruh bethet
kuwi. Wis luwih seminggu dheweke mopo. Ah, manuk loro kuwi mencok ing
ruji jendhela. Dheweke krengkangkrengkang tangi, ning........
“Adhuh!!!”
Widuri
bali ambruk. Ah, sikile digips, ora kena obah babar pisan. Tangane
sing kiwa kebak perban. Oh! Dumadakan mripate teles. Wis luwih
seminggu dumadine, nanging kaya lagi wingi. Awan-awan mulih sekolah,
sepedhahan beberengan karo Suryadi, panas kenclang-kenclang, bareng
truk amot watu kang lakune banter. Banjur Suryadi alok....
“Wiiiid!!!!!”
banjur dheweke gugup, banjur....., banjur......., oh Gusti!
“Rodha-rodha
truk iku! Ana ngendi Suryadi saiki?”
Nalika
eling lan wis bisa ngomong, kancane iku ditakokake. Suryadi.
Ngendhikane bapake.......
“Suryadi
uga padha dene dirawat, pada dene nandang tatu.”
“Nemen
tatune?”, pitakone, nalika kanca-kancane padha niliki.
“Padha
karo Widuri. Malah mbok menawa sikile kudu dioperasi, Wid. Balunge
remuk.”
“Oh!
Sikile dipotong?”, Widuri njola.
“Iku
lagi perkiraan. Ning muga-muga ora.”
Widuri
dadi thenger-thenger. Saumpama dheweke ora tatu ngene, mesthi wis
nggoleki Suryadi, ketua kelas-e, klas III pasthi alam.
Oh,
gek kaya ngapa klase ditinggal Suryadi mengko? Mangka pertandhingan
antar kelas ngadhepi Harpenas wis wiwit. Apa bisa kelase mboyong
piala bergilir maneh kang saiki ngregani kelase, awit jago olahragane
kepeksa ngaso ana dipan!
Nanging
nganti dina iki, nganti dheweke kena mulih, sanajan isih kudu turon
bae, Suryadi durung ana katon. Kanca-kancane tetep kandha, Suryadi
isih dirawat. Malah ana sing nggodhani, “Surya kangen karo kowe,
Wid. Kowe ora kangen ta?”
Widuri
mesthi bae mbrabak. Wis dudu rahasia maneh, yen antarane dheweke lan
Suryadi, ana apa-apane. Kaya wis dadi dalil. ‘Jago kuwi mesthi
ketarik karo jago.’ Mangka Widuri jago matematika, jago Inggris,
lan Suryadi jago olah raga, malah jago segala macam pelajaran. Nah,
dadi wis trep, pasangan kang ideal. Ndilalah, jago-jago mau saiki
padha dene kena musibah!
Widuri
unjal ambegan. Manuk sajodho ing ruji jendhela wis mabur maneh, wis
pencolotan ing pang-pang maneh, wis oyak-oyakan maneh, banjur mabur
adoh. Bali sepi ngrajani ati. Widuri ngeremake mripate. Pegel. Sikile
krasa senut-senut. Dhawuhe dokter, seminggu maneh lagi bisa dibukak.
Iku bae isih kudu ana keputusan mengkone, perlu operasi apa ora.
Lan
dumadakan bae Suryadi wis ana ngarepe.
“Suryadi!”
Widuri alok gumbira. “Surya!”
Surya
mesem, nyekel tangane. Widuri weruh, bocah lanang kancane iku wis
seger, ora ketara olehe lara babar pisan.
“Surya!
Sikilmu wismari ta? Ora sida dipotong ta?”, pitakone nricis.
“Ora.
Ora sida,” wangsulane sareh. Delengen, aku rak ora apa-apa ta?’
Widuri
mesem, nyawang sumringah.
“Ora,”
wangsulane kenes . “njur, kowe mlebu yen ngono. Ah, pertandingane
mesthi bakal menang maneh Surya. Pialane tetep duweke kene, ya!”
Suryadi
mesem, manthuk-manthuk,
“Harlan
nggodha, kowe kangen jarene”
“Aku
pancen kangen,”
“Aku
uga.”
Dumadakan,
guyune pecah. Widuri mbrabak tomat. Suryadi nyekel tangane luwih
rapet. Kandhane lirih....
“Amarga
truk iku ya, Widuri. Truk iku kang nyebabake kita duwe rasa kangen.
Yen kita....”
“Kita
kangen,” Widuri mesem.
“Lan
tresna!”
“Mula
kita mbesuk milih jurusan kang padha, ya?”
“Iya.
Kowe kepengin nyang ngendi?”
“Kedokteran.”
“Kedokteran!
Aku uga, kita padha-padha nulung wong kang sengsara ya, Wid. Kaya
dokter Herman Susilo ing tivi kae. Ngutamake tetulung tinimbang golek
rejeki. Kaya awake dhewe iki. Hmmmmm, tujune ana dokter Pur..... Aja
ana dokter Purnono ngono....”
“Iya.
Bapak ya ngendhika mangkono. Dokter Purnomo pancen wis misuwuur
sosiale, kok.”
Banjur
omonge saya akeh. Widuri krasa yen dheweke waras. Bisa mlaku maneh,
bisa sepedhahan maneh. Lan kaya-kaya saiki wis bener-bener ngadeg
jejer karo Suryadi, padha-padha nganggo lab-jas, nyekel pinset lan
peso bedhah ing kamar bedhah. Ah!
“Kowe
menawa sing bakal nampa beasiswa, Wid.” Kandhane Surya.
“Ora!
Kowe mesthine, Kowe all-round,
kok!”
“Ora,
kowe.”
“Kowe!”
Widuri ngengkel.
“Kowe,”
Surya negesake.
“Kowe”
Widuri nirokake.
“Kowe,
kok. Tenan, kowe kok, Widuri.”
Widuri
dumadakan ngguyu weruh Surya dadi serius ngono kuwi. Banjur wangsulan
nglendheh:
“Ya,
ya. Aku sing nampa beasiswa. Ah, Bapak Ibu mesthi remen banget.”
Lan
Suryadi ngguyu marem. Tangane saya kenceng nyekethem tangane Widuri,
lan mripate saya cedhak. Widuri gugup.....
“Oh!?”
Gragapan.
Suryadi ilang. Widuri ngelekake mripate amba. Suryadi ora ana! Sing
ana: Bapak, Ibu, Wali kelase.
“Slamet
siang, Widuri,” panyapane wali kelase.
Widuri
isih ngungun, ora mangsuli. Thenger-thenger nyawang wong-wong sing
mesem ana ngarepe.
“Kepenak
rasane saiki.”
Oh,
Widuri lagi sadhar saiki. Dheweke ngimpi. Ngimpi kang edi. Gragapan,
saiki dheweke nyawang wali kelase.
“Oh,
pak Tamin.”
“Ana
apa kok sajak thenger-thenger?”
“Ah,
mboten, sampun saras kok. Anu, Pak.....,” dheweke nyawang wali
kelase. “Anu, ....Surya kados pundi?”
“Surya....”
“Nembe
kemawon dalem nyumpena, kepanggih Surya. Sampun saras. Malah criyos
menawi kula nampi beasiswa. Ah, mesthi Surya goroh, dheweke jagoan
segalanya, kok. Inggih, pak?”
“Widuri....”
Bapak nyela, “Saumpama kowe sing nampa beasiswa, Wid rak seneng
ta?!”
Widuri
manthuk. Bapake uga mesem.
“Pak
Tamin ngasta berita kanggo kowe. Sepisan, kelasmu nampa piala.
Kapindho, Widuri nampa gelar Pelajar Teladan ke III sa Jawa Timur!”
“Oh!’
Widuri nyawang ora percaya. Wewayangane mitra rakete katon ngegla ing
mripate. Groyok swarane: “Lajeng, Suryadi....”
Ora
ana sing cemuwit. Kabeh kaya nahan ambegan. Oh, Gusti, dumadakan
Widuri krasa sumendhal atine. Dumadakan bae, Suryadi mesem ngregem
tangane. Oh, Gusti, kaya ngapa pucete esem iku saiki.
“A,
a, Suryadi, Bapak.” Swarane serak.
“Widuri!”
dumadakan Pak Tamin nyekel lengene, paningale kaca-kaca. Widuri,
Suryadi.... ora bisa ditulung maneh, Widuri.”
“Oh!”
Kedokteran,
lab-jas. Kedokter, lab-jas. Widuri semaput.
Yen
ana kabegjan lan kasedhihan kang campur dadi siji, panggonane ana
atine Widuri. Dheweke kepeksa ditampa sawise nampa piagam penghargaan
ing malam perpisahan sekolahe. Sikile wis mari ning ana panggung
salaman karo Direkture, dheweke kelingan Suryadi. Suryadi! Lan kabeh
siswa kang ngebaki aula SMPP kang munggah iku melu trenyuh. Kabeh
kelingan jago volly lan basket kang saiki wis tentrem. Si juara kang
sabenere taun iki nduweni hak kanggo gelar Pelajar Teladan ke I sa
Jawa Timur!
Ah!
Kabeh unjal ambegan. Widuri ngusap mripate, kaya katon cahya sumunar
madhangi sakupenge Suryadi. Cahya kang tumus ing jendhalaning atine.
Cahya kang sumorot ing meja bedhah. Cahya mripate Suryadi. Widuri
saya mantep, dheweke kudu dadi sawijining dokter kang mumpuni
sakabehe. Kandel rasa kamanungsane kaya dokter Purnomo kang nengenake
tetulung.@****
Panjebar Semangat No. 34 Tanggal
21 Agustus 1977
diambil
dari “Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
Halaman
9 sampai 15
BONEKA
CINDERELLA
Dening:
Sri Setyo Rahayu
Nalika
iku toko rame banget. Maklum, tanggal enom. Apa maneh toko
panggonanku nyambut gawe iki klebu gedhe lan apa-apa ana. Yuli ing
bagean klambi-klambi, dadi prasasat ora kober ngusap kringet ing
raine. Wida ing panggonan sepatu lan tas, uga mangkono. Mas Joko ing
bagian pembayaran uga padha dene.
Mung
ing ngarep etalase kang daktunggoni, rada sela. Boneka-boneka lucu
pating trenguk nyawang wong kang slira-sliri. Antariksawan Neil
Amstrong, Batman, Putri Salju, jejer-jejer rapi ing sacedhake
montor-montoran lan kapal terbang.
Ana
priya siji kang suwe nliti pajangan boneka-boneka iku.
Clilang-clileng mbungkuk, kaya ana sing digoleki. Kawit mau aku
ngawasake, lan kepengin takon kang dikarepake. Nanging dheweke
ketungkul liyane. Olehe milang-miling, tanpa ngrewes wong blanja
liya-liyane.
Maune
aku kuwatir, gek-gek dheweke duwe sedya ala. Nanging nalika dheweke
ndengengek lan mripate natap mripatku, aku dadi gragapan. Mripate
sumunar ramah banget, lan dheweke manthuk kurmat.
“Nuwun
sewu,” kandhane alon.
“Oh,
boneka?” aku nyawang etalase.
“Ingkang
pundi?”
“Anu........,”
dheweke nyawang aku satleraman.
“Boneka
Cinderella”
“Boneka
Cinderella?” aku mlengak. Sajege aku ana toko iki, durung nate
krungu jeneng Cinderella iku. Banjur dheweke daksawang.”
“Kados
pundi, inggih?” pitakonku.
“Anu,
kala emben wonten. Kala emben nalika kula kaliyan Riri mriki, boneka
punika taksih wonten.”
Aku
mikir-mikir, karo nyawang boneka-boneka sing ana. Pancene aku ya nate
maca buku dongeng sing jeneng Cinderella ngono kuwi. Mula tanganku
banjur ngranggeh Putri Salju.
“Punapa
kados punika, inggih?” pitakonku karo nuduhake boneka iku. Dheweke
manthuk.
“Inggih,
kados punika. Nanging ingkang Cinderella punika langkung ageng,
rambutipun dipun klabang lucu, pitanan abrit. Rokipun jambon,
werninipun tumpuk-tumpuk, sae sanget.”
Oh,
aku kelingan saiki. Boneka iku panggonane ana ndhuwur etalase kene.
Aku kelingen sing tuku, bocah wadon umur telung taun karo ibune.
“Riri
remen kaliyan cariyos Cinderella punika. Mila nalika wonten boneka
ingkang radi cocog kaliyan gambaripun Cinderella punika, Riri lajeng
mastani Cinderella mekaten.”
“Riri?
Keng putra inggih?” aku mesem takon mangkono.
Dheweke
nyawang aku. Aku kaget, panyawange murung. Gage dakterusake, “Nuwun
sewu, menawi.....”
“Ah,
mboten,” pamunggele. Eseme katon maneh, samara sanget. Banjur
dheweke nyekel Putri Salju. Diiling-ilingi ngati-ati. Aku
ngiling-ilingi dheweke. Dheweke simpatik. Rambute rada dawa.
Panganggone prasaja. Mesthine Riri iku anake. Nitik olehe seneng
Cinderella mesthine Riri wis gedhe, wis kelas telu SD. Ning jebul
ora.
“Riri
kelas kalih,” omonge isih ngiling-ilingi boneka.
“Inggih,”
dheweke nyawang aku. Aku gragapan nampa eseme. Banjur sambunge karo
nyelehake Putri Salju, “Eman, piyambakipun namung kepengin
Cinderella.”
Aku
nyawang kanthi rasa melu kedhuwung.
“Inggih,”
dheweke nyawang aku maneh.
“Ah,
eman sanget. Dhateng toko sanes mbok menawi kemawon wonten.”
Dheweke
gedheg.
“Kala
emben sampun kula ubengi, Kepanggih dhateng mriki....Bing, kala emben
yatranipun kirang.”
Aku
dadi ketarik karo omongane, karo sikepe. Karo critane Riri. Nanging
jam gemonthang kaping loro. Toko wayah tutup. Kaya kaget dheweke,
mandeng aku.
“Oh......,
” wangsulanku sakecandhake. Anu, makaten kemawon. Seminggu malih
boneka ingkang dipun kersakaken punika sampun datheng. Mangke tindak
mriki malih kaliyan Riri, kersanipun milih piyambak.”
Dheweke
mesem.
“Matur
nuwun. Inggih. Mbenjang kula wangsul malih.”
Sametune
priya iku, aku diacungi jempol Mas Joko. Aku ngguyu, ngerti maksude.
“Servise
yang bagus,” komentare kaya adat saben.
“Pembeli
kan raja, Mas Joko,” wangsulanku.
“Ah,
ning pembeli siji kuwi istimewa, Dhik Peni.”
“Mmmmmm...,
Mas Joko wis tepang karo dheweke?”
“Lho?
Dhik Peni apa durung tepung?”
“Durung.”
“Wah.
Ketinggalan jaman temenan. Dheweke kan penyiar kesayanganmu.”
“Eh,
Tenane, Mas Joko?”
Mas
Joko nguyu renyah. Wida lan Yuli kang mara nyedhak melu ngiyani. Aku
dadi mbrabak abang. Sebab, aku pancen kesengsem karo swarane penyiar
sing dikandhakake Mas Joko iku. Yen bener ngono sing golek boneka
Cinderella iki mau jenenge Dino. Lan Mas Joko nyambung maneh
nggregetake.
“Kapan
Dhik Peni nyaguhi boneka Cinderella-ne?”
“Seminggu
maneh.”
“Semingga
maneh? Oke dakgolekake temenan.”
“Ah,
Mas Joko iki. Aku rak ora ngerti yen dheweke penyiar iku. Ngendikane
kae, pembeli kudu diladeni kanthi apik,” aku leruk.
Nanging
meneng-meneng, sajroning seminggu iki aku dadi mikir dheweke. Aku
mikirake sapa ta Riri iku? Yuli nate kandha dheweke isih single. Ah,
persetan! Aku rak mung pengagume wae. Salah sijine pengagume bae.
Mas
Joko ora nggorohi. Minggune maneh boneka iku teka temenan. Rambute
diklabang loro, warna emas. Embuh saka apa bahane. Nganggo pita
bludru abang tuwa. Roke jambon, wirune tumpuk-tumpuk, modhel
longdress kang manis banget. Mripate biru, endah. Ora kliru yen Riri
menehi jeneng Cinderella. Mung regane, Masya Allah.
“Patang
ewu, Mas Joko?” pitakonku.
“Iya,
ana apa?” Mas Joko nyawang aku. Aku gedheg.
“Ora
apa-apa.”
Patang
ewu . aku unjal ambegan dawa. Riri nyuwun boneka sing regane semono
kuwi? Apane?
Aku
kaget jalaran digetak Mas Joko.
“Hayuh,.
Kok njur nglamun. Ora apa-apa. Saumpama dheweke ora sida tuku ya ora
papa kok.”
Aku
kecipuhan temenan. Pambadhene Mas Joko marang isine atiku bener.
Boneka mau banjur dakpajang ana ndhuwur etalase. Ing sisihe
dakjejerake boneka asu mawa pita coklat. Ngendikane mas Joko, asu mau
pengawale Cinderella. Dakgodha pisan, “Lha tikuse ngendi, waluhe
ngendi, labune ngendi?” Mas Joko ngguyu renyah.
“Kretane
Cinderella? Ach, ben digawekake dhewe.”
Kanca-kanca
ngguyu bareng krungu obrolan ngono kuwi. Ya obrolan ngene iki sing
marahi aku krasan nyambut gawe ana toko kene, Toko “Serba Ada”
kang cukup gedhe. Tinimbang nganggur yen esuk. Semono uga Wida lan
Yuli. Aku bocah telu yen sore isih sekolah. Mas Joko asring nggodha,
jarene yen bengi tokone sepi. Amarga widodarine ketungkul karo bukune
dhewe-dhewe.
Dina
Senen priya iku teka temenan. Tekane wis meh nyedhaki toko tutup.
Terus ngener panggonan boneka. Weruh Cinderella, dheweke njegreg,
thenger-thenger. Nalika aku nyedhaki dheweke mesem, mbungkuk kurmat.
“Punika
ingkang dipun kersakaken?” panyapaku.
“Oh,
inggih. Matur nuwun,” gupuh wangsulane. Aku rikuh weruh sikepe sing
formil ngono iku. Dheweke nyekel Cinderella. Diiling-ilingi. Banjur
didheleng regane. Aku ngira dheweke kaget. Ning ora, praupane ora
nuduhake rasa apa-apa. Malah banjur rogoh-rogoh sak, njupuk dhompete.
“Riri
kok mboten ndherek?” pitakonku maneh.
“Riri?”
dheweke nglirik sethithik.
“Inggih.
Keng putra. Mesthinipun remen sanget saumpami boneka Cinderellla
punika dipun lengkapi kaliyan kreta lan pengawalipun,” aku
ngathungake asu mawa pita coklat.
“Ah!”
Praupane
dadi murung. Aku dadi kaget. Dheweke katon cowong tinimbang seminggu
wingenane. Oh, apa bener dheweke Dino? Kak Dino? Penyiar kang
dakkagumi suwarane? Nanging Mas Joko mungkasi pambadheku.
“Hei,
Dino.”
Dheweke
noleh. Banjur mesem. Nanging aku weruh,eseme kepeksa.
“Wis
tepungan? Dheweke pengagummu. Dino,” kandhane Mas Joko karo nuding
aku. Raiku panas dadakan. Mas Joko ngguyu renyah. Nanging Mas Joko,
banjur nutugake gawene, sawise ngomong sethithik. Aku ora wani
nyawang penyiar iku.
“Oh,
inggih ta?” Dino saiki nyawang aku. Raiku sangsaya panas.
“Inggih,”
wangsulanku lirih. “Salah satunggaling pengagum suwanten
Panjenengan. Pareng ta?”
“Ah!
Matur nuwun. Sawijining bab ingkang mboten kula nyana.” Mripate
manther. Aku mesem karo nyekel Cinderella. Kothak wadhahe dakjupuk.
Dheweke isih ngawasake. Nanging omongane ngagetake atiku.
“Emanipun
Riri mboten saget pinanggih panjenengan.”
“Oh.
Kenging punapa?”
Dheweke
unjal ambega dawa. Mripate bali surem maneh. Sawatara dheweke nyawang
Cinderella ing tanganku. Banjur kandhane abot.
“Riri
sampun mboten wonten, sekawan dinten kapengker.....”
“Oh!”
“Kala
emben, boneka punika kula angkah saget ngiyataken semangatipun
nglawan penyakit. Ah, nanging..............”
“Ah,
Riri....”
“Inggih.
Riri, adhik kula ingkang alit piyambak. Sapunika kedah kula
tegakaken.”
Atiku
karanta-ranta krungu critane. Dakgambarake boch manis ngemban
Cinderella iki, lunjak-lunjak sumringah. Banjur dakgambarake maneh,
bocah manis kang nglimpruk tanpa daya ing ranjang, bocah manis kang
lucu ijen ing petengan. Oh, mendak sepine.
“Lajeng....punika
kagem sinten?” aku takon lirih.
“Kangge
gantosipun Riri.”
Aku
tumungkul, boneka mau dakkekep. Dumadakan wae, luhku nelesi mripat.
Dumadakan bae aku rumangsa kelangan....Riri, kepriye rupane? Aku
kelingan adhiku kang isih cilik-cilik ana omah.
“Piyambakipun
pancen ringkih. Boneka punika sampun dangu anggenipun ngimpekaken.”
Sawara
kang padatan dakkagumi lumantar Radio, saiki keprungu tanpa semangat.
Tangane nyekel boneka asu mawa pita coklat. Atiku sumedhot. Swara
lirih.
“Punika
kula cepakaken kangge Riri. Kula remen sumerep lare ingkang
sumringah. Ingkang lucu. Oh, nyuwun duka menawi kula kumawantun
nyuwun pirsa kala wau.”
Dheweke
mesem.
“Mboten....
kula malah remen, Kula mboten badhe nyelaki kanyatan menawi kula
kecalan. Awit sedaya punika mboten saget kita gerba saderengipun.”
Aku
ora mangsuli. Boneka Cinderella dakwadhahi kothak, semono uga boneka
asu mawa pita soklat. Ing njerone daktulisi Kanggo
Riri.
Sawatara suwene aku nyawang boneka-boneka iku. Nganti krasa ana
tangan ing pundhakku. Tangane Wida.
“Pen
kowe dienteni Mas Dino. Diajak niliki Riri sedhela. Kowe rak ora
kabotan ta?”
Aku
nyawang Wida, nyawang Yuli, nyawang Mas Joko. Banjur aku manthuk.
Boneka-boneka ing bungkusan iku dakkekep ing dhadhaku.***
Gang
Masjid, April 1977
Panjebar Semangat No. 32 Tanggal 6 Agustus
1977
diambil
dari “Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
halaman
16 sampai 24
Materi
Kuliah Mahasiswa Smt. VII – SPI - Adab – Suna – Surabaya
Desaku
Canggu, 20 November 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar